Halaman

Selasa, 30 Oktober 2012

GERAK JALAN MENGETI SUMPAH PEMUDA DESA CONDONGCATUR



Pemerintah Desa (Pemdes) Condongcatur Depok Sleman ngawontenaken lomba gerak jalan antar Padukuhan se-Desa Condongcatur, Minggu (28/10). Lomba ingkang dipunsengkuyung dening 18 pedukuhan saha para karang taruna kelurahan Condongcatur menika dipunadani kagem mengeti semangat para pemuda anggenipun njagi persatuan lan kesatuan Indonesia.

“Kita sedaya kedah ngadani pengetan dinten Sumpah Pemuda kanthi lomba gerak jalan kagem mengajak para pemuda tansah eling marang peristiwa 84 tahun kepungkur,” pangandikanipun Kepala Desa (Kades) Condongcatur, Marsudi Winoto,SH

wonten sela-selaning acara lomba gerak jalan wonten ing Balai Desa Condongcatur.

Kanthi mengeti dinten Sumpah Pemuda menika, bapak Kades nggadhahi pangarep-arep para pemuda Indonesia khususipun saking Desa Condongcatur badhe nglajengaken estafet perjuanganipun bangsa Indonesia. Awit saking menika saged ditunjukkan wonten ing kegiatan  karang taruna. Awit saking menika, para pemuda Condongcatur ugi saged nglajengaken organisasi kepemudaan saengga saged paring manfaat kagem pemerintah desa.


Dening: Imam Maskur Rahmat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar