Taneman
Beluntas menika kalebet taneman perdu, thukul jejeg kanti dhuwur saged dumugi
kalih meter langkung. Minangka jamu tradhisional, limrahipun manpangataken ron,
cawing, bongkot, lan oyotipun,.
Titikanipun
taneman beluntas menika cawangipun kathah, sarta wonten glugut iungkang lembut.
Ganganging ron naming cendhak selang seling,
ronipun bunder kadosta tigan ingkang sungsang, pucukipun radi bunder lancip, lan pinggiring ron menika lancip-lancip kadosta untu graji. Warnaning rong menika ijem seger lan bilih diremes bakal angganda arum.

Kagem
nyingkrihaken gandaning badan kang kirang sekeca ing grana, ngganda bacin,
prengus, kecut, apeg, lan sapanunggalanipun, saged ngagem ramuan ron menika,
nun inggih, mbetahaken 15 gram ron menika, lajeng, 5 gram wohing pinang, lan
uyah gethon sak pucuking sendok teh. Digodhog ngagen tigang gelas toya, dugi
kantun setunggal gelas kemawon, nalika sampun anyep, lajeng disaring lan
segelas menika diunjuk sedinten kaping kalih. Mugi-mugi apeging badan enggal
bablas.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar