Halaman

Sabtu, 01 Desember 2012

Asu Mungsuh Kucing


Ing jaman biyen, kabeh kewan iku sejatine urip kanthi rukun lan tentrem. Ora ana kang memungsuhan, kabeh kekancan apik, ora ana kewan mangan kewan. Kacarita, ing sawijining dina, arep dianakake sidhang. Kabeh kewan padha diundang supaya melu teka ing sidhang, kanggo ngrembug bab katentreman ing panguripane para kewan-kewan kuwi.
Nalika sidhang wis arep diwiwiti, kewan-kewan wis padha nglumpuk, kejaba Onta kang durung katon ing papan sidhang. Wis sawetara dienteni, nanging Onta durung teka-teka.
Wusanane merga ora sabar ngenteni Singa, kang mimpin sidhang wektu kuwi njaluk tulung supaya salah siji kewan kang wis teka bisa methuk si Onta. Asu nganggep dheweke kang paling cag-ceg, mlayune banter, mula dheweke banjur saguh methuk si Onta. Nanging merga Asu kuwi durung paham karo kang jenenge Onta, dheweke nakokake kepriye wujude si Onta.
Singa si pemimpin aweh weruh menawa kang jenenge Onta kuwi kang duwe punuk ana ing gegere. Bareng wis ngerti, Asu banjur mlayu kanggo methuk si Onta.
Ing papan liya, si Kucing kang wis kasep arep mangkat sidhang banjur mlayu banter. Dheweke kuwatir menawa wis dienteni dening kanca-kancane. Tekan nggon grumbulan dheweke trataben, kepethuk karo Asu kang uga lagi mlayu-mlayu merga nggoleki si Onta. Merga trataben kuwi si Kucing mandheg banjur mbregenggeng, mula gegere dadi mlengkung. Nalika Asu weruh gegere si Kucing mlengkung kuwi dikira punuk, lan Kucing kuwi diarani Onta. Mula Asu celathu marang si Kucing, “he, kanca, kowe iki wis dienten-enteni karo kewan-kewan liyane. Ayoo, ndang mangkat ing papan sidhang!”
Tekan papane sidhang kabeh kewan gumun, kang diiring dening Asu dudu si Onta nanging si Kucing. Kewan-kewan kang teka ing kono nganti ngguyu kepingkel-pingkel. Asu krasa yen dheweke digeguyu, dheweke celathu, “Ana apa ta sajake kok padha ngguyu aku?”
Singa si pemimpin aweh ngerti menawa kang digawa dening Asu mau dudu si Onta nanging si Kucing. “Coba digatekake, apa kewan iki duwe punuk?” pitakone Singa. Asu banjur ngematake si Kucing mau, pancen iya ora ana punuke. Asu wis nganti nesu, dheweke nggerem, banjur si Kucing ditubruk. Si Kucing karungu Asu nggerem banjur waspada. Mula nalika Asu mlumpat arep nyedhaki, si Kucing bisa uwal saka cilakane. Asu kang ora bisa ndekep si Kucing, sangsaya nesu. Karo nggerem, Asu kuwi banjur ancang-ancang meneh kanggo ndekep si Kucing. Kucing mlayu lan menek wit, Asune tetep mburu, nanging dheweke ora bisa menek, mula dheweke mung bisa ngenteni si Kuing ing sangisor wit.
Karo ngenteni, si Asu celathu, “He, Kucing, kawit dina iki aku netepake menawa anak turunku mbesuk bakal mungsuh karo anak turunmu. Ana ing ngendi wae anak turunku kepethuk karo anak turunmu, bakal kecekel lan bakal disuwek-suwek daginge nganti mati.” Mangkono nganti tekan saiki asu mesthi mungsuh karo kucing. 

Estri Wiji Asih
10205244019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar