Ing jaman biyen, kabeh
kewan iku sejatine urip kanthi rukun lan tentrem. Ora ana kang memungsuhan,
kabeh kekancan apik, ora ana kewan mangan kewan. Kacarita, ing sawijining dina,
arep dianakake sidhang. Kabeh kewan padha diundang supaya melu teka ing
sidhang, kanggo ngrembug bab katentreman ing panguripane para kewan-kewan kuwi.
Nalika sidhang wis arep
diwiwiti, kewan-kewan wis padha nglumpuk, kejaba Onta kang durung katon ing
papan sidhang. Wis sawetara dienteni, nanging Onta durung teka-teka.
Wusanane merga ora sabar ngenteni Singa, kang mimpin sidhang wektu kuwi njaluk tulung supaya salah siji kewan kang wis teka bisa methuk si Onta. Asu nganggep dheweke kang paling cag-ceg, mlayune banter, mula dheweke banjur saguh methuk si Onta. Nanging merga Asu kuwi durung paham karo kang jenenge Onta, dheweke nakokake kepriye wujude si Onta.
Wusanane merga ora sabar ngenteni Singa, kang mimpin sidhang wektu kuwi njaluk tulung supaya salah siji kewan kang wis teka bisa methuk si Onta. Asu nganggep dheweke kang paling cag-ceg, mlayune banter, mula dheweke banjur saguh methuk si Onta. Nanging merga Asu kuwi durung paham karo kang jenenge Onta, dheweke nakokake kepriye wujude si Onta.
Singa si pemimpin aweh weruh menawa kang jenenge
Onta kuwi kang duwe punuk ana ing gegere. Bareng wis ngerti, Asu banjur mlayu
kanggo methuk si Onta.
Ing papan liya, si
Kucing kang wis kasep arep mangkat sidhang banjur mlayu banter. Dheweke kuwatir
menawa wis dienteni dening kanca-kancane. Tekan nggon grumbulan dheweke
trataben, kepethuk karo Asu kang uga lagi mlayu-mlayu merga nggoleki si Onta. Merga
trataben kuwi si Kucing mandheg banjur mbregenggeng, mula gegere dadi
mlengkung. Nalika Asu weruh gegere si Kucing mlengkung kuwi dikira punuk, lan
Kucing kuwi diarani Onta. Mula Asu celathu marang si Kucing, “he, kanca, kowe
iki wis dienten-enteni karo kewan-kewan liyane. Ayoo, ndang mangkat ing papan
sidhang!”
Tekan papane sidhang
kabeh kewan gumun, kang diiring dening Asu dudu si Onta nanging si Kucing.
Kewan-kewan kang teka ing kono nganti ngguyu kepingkel-pingkel. Asu krasa yen
dheweke digeguyu, dheweke celathu, “Ana apa ta sajake kok padha ngguyu aku?”
Singa si pemimpin aweh
ngerti menawa kang digawa dening Asu mau dudu si Onta nanging si Kucing. “Coba
digatekake, apa kewan iki duwe punuk?” pitakone Singa. Asu banjur ngematake si
Kucing mau, pancen iya ora ana punuke. Asu wis nganti nesu, dheweke nggerem,
banjur si Kucing ditubruk. Si Kucing karungu Asu nggerem banjur waspada. Mula
nalika Asu mlumpat arep nyedhaki, si Kucing bisa uwal saka cilakane. Asu kang
ora bisa ndekep si Kucing, sangsaya nesu. Karo nggerem, Asu kuwi banjur
ancang-ancang meneh kanggo ndekep si Kucing. Kucing mlayu lan menek wit, Asune
tetep mburu, nanging dheweke ora bisa menek, mula dheweke mung bisa ngenteni si
Kuing ing sangisor wit.
Karo ngenteni, si Asu
celathu, “He, Kucing, kawit dina iki aku netepake menawa anak turunku mbesuk
bakal mungsuh karo anak turunmu. Ana ing ngendi wae anak turunku kepethuk karo
anak turunmu, bakal kecekel lan bakal disuwek-suwek daginge nganti mati.”
Mangkono nganti tekan saiki asu mesthi mungsuh karo kucing.
Estri Wiji Asih
10205244019
Tidak ada komentar:
Posting Komentar