Halaman

Selasa, 27 November 2012

Si Kendhil


             Ing jaman rumiyin wonten wanita ingkang gadhah putra. Putranipun menika gadhah  bentuk sarira ingkang kados kendhil, saengga dipuntimbali Joko Kendhil. Sanadyan gadhah bentuk sarira ingkang boten kados tiyang biasanipun, Joko Kendhil dados tiyang ingkang sae. Joko kepengin palakrama kaliyan putri Raja. Biyungipun Joko kaget, amargi piyambakipun tiyang ingkang boten gadhah. Raja kagungan tiga Putri, ingkang purun dados garwanipun Joko Kendhil inggih menika ingkang wragil. Putri wragil tansah dipunolok-oloki dening mbakyunipun, ananging Putri Wuragil tansah sabar narima.

DUMADINE DESA PLEBURAN


Kutha Semarang iki biyen-biyene isih wujud alas gung liwang-liwung. Ana kaki-kaki lan nini-nini kang asmane Kyai Borang lan Nyai Borang kagungan putra jenenge Joko Tanduran. Ing sawijining dina Joko Tanduran lelunga nganti wengi ora mulih kamangka ora pamit marang wong tuwane. Kyai lan Nyai Borang banjur ngoleki anake nganti pirang-pirang dina. Anggone nggoleki putrane mlebu alas metu alas, munggah gumuk mudhun gumuk kanthi sedya ora bakal bali yen during ketemu putrane.

Budaya Ngagem Batik


Warisan kabudayan saking tiyang rumiyin mawarni-warni wujudipun. Wonten ingkang awujud candi, keris, wayang, kesenian lan sanesipun. Warisan saking tiyang rumiyin menika boten sedaya dipunjagi dening masarakat samenika, ananging uga wonten kabudayan ingkang saweg dipunlestantunaken dening pamarentah, kadasta reog, batik, lan sanesipun. Batik menika salah satunggaling kabudayan ingkang sampun dipunakui dening UNESCO

Rp 1.7 Triliun kangge gantos 1.600 Kopaja lan TransJakarta


Jakarta-Joko Widodo minangka Gubernur DKI Jakarta gadhah rencana gantos angkutan umum Kopaja, Metromini lan uga TransJakarta. Duwit ingkang dipunbetahaken ngantos Rp 1,7 Triliun, inggih menika kangge gantos 1.000 Kopaja lan 600 TransJakarta.
Babagan menika dipunandharaken JokoWidodo sesampunipun panggih kaliyan Wakil Menteri Perhubungan inggih menika Bambang Susanto wonten ing kantor Kementerian Perhubungan,

OPINI ‘BASA JAWA’


OPINI ‘BASA JAWA’

Sejatosipun sampun dangu tiyang-tiyang ingkang eling anggenipun nyerat mawi Basa Jawi. Ananging kula taksih dereng yakin menapa kathah piyantun Jawi ingkang taksih purun. Kula kinten taksih kathah ingkang saged maos Basa Jawi. Dene ngendikan Basa Jawi sampun mboten purun. Mbok menawi, Basa Jawi sakmenika sampun dados basa kuna ingkang mboten gaul.
Coba panjenengan gatekaken, wonten griya kemawon kathah para tiyang sepuh ingkang mboten purun ndamel Basa Jawi. Malah Basa Indonesia kemawon abal-abalan kaliyan ‘Basa Jakartaan’
Wonten panemu, menawi Basa Jawi menika, menapa malih basa karma inggil mboten saged ndadosaken akrabipun para putra kaliyan bapak-biyungipun. Basa karma inggil kados-kados dados ‘pager penyekat’ Sejatosipun, menawi sampun dados pakulinan saben dintenipun malah sami kaliyan basa gaul jaman sakmenika.
Basa Jawi panci benten kaliyan basa sanesipun. Amergi Basa Jawi menika sejatosipun ‘basa budaya’ Basa Jawi sanes namung basa tutur utawi lesan semanten ugi namung basa tulis. Nanging saben tembung kaliyan ukara ingkang dipunwaos kaliyan dipunserat nggadhah ‘pesan moral’ ingkang kedah dipunmangertos kaliyan dipunlakoni.
Tuladha.
“Wong Jawa” tegesipun saged ‘Suku Jawa’ Nanging saged ateges ‘wong sing pitutur, tingkah pola kaliyan solah bawanipun tansah miturut tata krama Jawi’ Mila menika, kadang wonten ‘istilah’ kados makaten: ‘Wong Jawa wis ilang Jawane, ‘ora jawa’ marang wong tuwane, ‘sanajan wong Landa nanging nJawani’

Selasa, 13 November 2012

Wong Jawa Wajib Migunakake Basa Jawa


Basa iku salah sawijining asil kabudayan minangka sarana kanggo pacelathon karo wong liya. Basa Jawa iku kalebu basa kang istimewa, ora mung mligi basa kanggo sarana pacelathon kang sugih tetembungane, nanging ana ing sajroning basa Jawa kuwi uga ana unggah-ungguhe basa. Unggah-ungguh iku kalebu carane pacelathon, sapa kang diajak celathu, lan ana ing ngendi dhewe lagi celathu (empan papan).

ARTIKEL (OPINI) : Budaya Gugon Tuhon Wonten ing Masyarakat Jawa



Gugon tuhon menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging aged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar.