Ing jaman rumiyin wonten wanita ingkang gadhah putra. Putranipun menika gadhah bentuk sarira ingkang kados kendhil, saengga dipuntimbali Joko Kendhil. Sanadyan gadhah bentuk sarira ingkang boten kados tiyang biasanipun, Joko Kendhil dados tiyang ingkang sae. Joko kepengin palakrama kaliyan putri Raja. Biyungipun Joko kaget, amargi piyambakipun tiyang ingkang boten gadhah. Raja kagungan tiga Putri, ingkang purun dados garwanipun Joko Kendhil inggih menika ingkang wragil. Putri wragil tansah dipunolok-oloki dening mbakyunipun, ananging Putri Wuragil tansah sabar narima.
Ing sawijining dina, Raja ngawontenaken sayembara. Joko boten saged dherek, piyambakipun matur kaliyan Raja bilih sakit. Dumadhakakan wonten ksatriya gagah lan bagus sarta sae anggenipun ginaaken pusaka. Putri pembarep kaliyan tengah kesengsem. Salorone pada ngolok-oloki Putri wuragil, Putri wuragil duka lan muwun. Lajeng mlajar dhateng kamar. Piyambakipun ningali wonten kendhi, saking dukanipun piyambakipun banting kendhi dados pecah.
Ksatriya gagah mlebet woten kamar Putri wuragil. Piyambakipun madosi kendhi, ananging kendhi sampun pecah. Cekaking cariyos ksatriya gagah menika sejatosipun Joko Kendhil, garwanipun Putri wuragil. Joko Kendhil pikantuk kutukan lan saged ical bilih palakrama kaliyan Putri ingkang lila narima. Putri Wuragil tansah bingah sanget, gesang kaliyan Joko Kendhil ingkang sampun jelma dados priya ingkang bagus.
Dening: Imam Maskur Rahmat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar