Kutha Semarang iki biyen-biyene isih wujud alas gung liwang-liwung. Ana
kaki-kaki lan nini-nini kang asmane Kyai Borang lan Nyai Borang kagungan putra
jenenge Joko Tanduran. Ing sawijining dina Joko Tanduran lelunga nganti wengi
ora mulih kamangka ora pamit marang wong tuwane. Kyai lan Nyai Borang banjur
ngoleki anake nganti pirang-pirang dina. Anggone nggoleki putrane mlebu alas
metu alas, munggah gumuk mudhun gumuk kanthi sedya ora bakal bali yen during
ketemu putrane.
Ing sadalan-dalan tansah dedonga nyenyuwun marang Kang Kuwasa muga-muga enggal ketemu putrane.
Ing sadalan-dalan tansah dedonga nyenyuwun marang Kang Kuwasa muga-muga enggal ketemu putrane.
Nalika tekan ing gumuk dheweke ketemu wong lanang cacahe wolu lagi sengkut
makarya. Wong wolu mau katon tata-tata arep ngedhegake wisma. Ing sacedhaking
sendhang kang garing. Anehe wong-wong mau ora ana kang kumecap mula kanthi
rangu-rangu Kyai Borang nyapa, “ Ki Sanak nyuwun pangapunten kula ngreridhu
anggen Panjenengan nembe nambut kardi, kula badhe nyuwun pirsa punapa
panjenengan pirsa lare jaler langkung mriki?” Pitakone Kyai Borang diwangsuli
kanthi grapyak, “ o, inggih leres kala wau wonten lare langkung mriki,
mugi-mugi leres punika wau putra panjenengan.” Kyai Borang ndeleng wong wolu
mau kang gobyos kringete dleweran, dheweke banjur nawani banyu. Wong wolu mau
nampik amarga Kyai Borang luwih mbutuhake banyu mau kanggo sangu nggoleki
anake. Olehe nowak-nawakake kanthi adreng lan suka lila anggone menehi banyu,
pungkasaning banyu katampa. Kyai Borang banjur diwenehi jeneng Sukalila. Kyai
lan Nyai Borang didhawuhi bali neng omah wae, sebab putrane wis ana ngomah.
Mireng tembung kui mau Nyai Borang kang maune meneng dadi mesam-mesem
sumringah cahyane, lebur rasa sedhihe dadi gumbira. Luwih-luwih sawise tumeka
ing ngomah jebul wis ana putrane Joko Tanduran.
Dhaerah Kyai lan Nyai Borang banjur katelah jeneng Pleburan saka tembung
lebur.Dene sendhang ing sacedhake wong wolu mau katelah Nadri Sendhang utawa
Wanadri Sendhang. Wong wolu mau sejatine para wali kang bakal mbangun mejid
kanthi ora ngucap. Gandheng wis njawab pitakone Kyai Borang, wong wolu dadi
jugar ora sido mbangun mejid ing kono, ngaleh ing papan liya.
Imam Maskur Rahmat
10205244010
Imam Maskur Rahmat
10205244010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar