Halaman

Selasa, 13 November 2012

ARTIKEL (OPINI) : Budaya Gugon Tuhon Wonten ing Masyarakat Jawa



Gugon tuhon menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging aged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar.
Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.
Jinising gugon tuhon ugi boten namung setunggal. Wujuding gugon tuhon saged awujud tembang, parikan, geguritan, ugi pitutur- punapa kemawon. Wonten ing masyarakat jawa nyawisaken bilih Etika dipundadosaken salag satunggaling tonggak menawi tiyang jawi saged dipunwastani wong jawa ingkang satuhu utawi tenan wong jawa. Ingkang dados tandha bilih wong jawa mangertosi punapa babagan etika jawa. Wujud etika menika salah satunggaling kabudayan ingkang sampun dipunajaraken dhumateng anak putu. Ingkang dipunparingaken dhumateng anak putu mawi cara punapa kemawon. Saged awujud cerita, peninggalan, tembang, lsp. salah satunggaling wujud kabudayan kagem paring wulangan babagan etika jawa awujud gugon tuhon.
Gugon tuhon, utawi ingkang asring dipunsebat pamali, salah satunggaling budaya wewarah dhumateng tiyang jawi. Gugon tuhon menika saged kagem ajaran saking tiyang sepuh dhumateng putranipun, utawi para guru dhumaten muridipun. gugon tuhon menika awujud pitutur ingkang boten pantes menawi dipunlakoni wonten ing gesang bebrayan, ugi saged dadosaken cilaka dhumateng sinten kemawon ingkang glanggar wewarah saking pitutur gugon tuhon menika. Awit saking menika para putra kedah nyingkiri punapa ingkang sampun diparingaken wonten ing gugon tuhon menika, meski kadang ugi boten saged dipun-nalar pikiran kita.
Gugon tuhon utawi wewarah menika kathah ingkang dipunparingaken dhumateng para putra mawi langsung lisan utawi pitutur kemawon, utawi saged awujud cerita, legenda, tembang, ugi punapa kemawon. Kathah cariyos ingkang mratelakaken babagan gugon tuhon. biasane gugon tuhon menika ingkang wonten ing cariyos bakal bakal dipatuhi dening masyarakat. Meskipun kathah cariyong utawi pitutur ingkang boten masuk akal pikiran kita. Nanging menika salah satunggaling wujud kearifan lokal ingkang kedah dipunlestarekaken.
Dene tembung Gugon tuhon asale saka tembung ‘Gugu’ dene Tuhon asale saka tembung ”Tuhu’. Bilih gugon tuhon menika kedah disingkiri kathi satuhu. Sinten kemawon ingkang boten sarujuk kaliyan wewarah menika saged nemu kacilakan. Katha sanged gugon tuhon wonting ing masyarakat jawi menika ingkang gunanipun kagem caos pitutur babagan etika tiyang jawi wonting ing gesang bebrayan.
Gugon Tuhon dibedakke dadi 3 perangan, yaiku Gugon Tuhon Salugu, Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi, lan Gugon Tuhon Klebu Wewaler.
1. Gugon Tuhon Salugu
Bocah / kang dadi paragane bethara kala. Manut dedongengan yaiku bocah sukerta.
Manut kapercayan bisane waluya lan lestari uripe. Kudu diruwat saran ditanggapake wayang lakon “Amurwa Kala”.
2. Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi          
Pitutur kang ora dilairake kanthi melok / dikandhakake kanthi semestine. Sing akeh-akeh nganggo tembung ora ilok, kang setemene ora becik.
Tuladha gugon tuhon isi wasita sinandi:
·         Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara nular.
·         Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi ganjel sirah, upama digawe ganjel bo**ng mesthi bae saru utawa ora becik.
3. Gugon Tuhon Kalebu Wewaler
Yaiku kalebu wewaler saka sabdane utawa pangandikane leluhur / wong kang dadi bakal ing babagan iku.
Tuladha: Wong ing Banyumas ora kena lelungan dina Setu Paing. Wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina Setu Paing.
Wonten kathah wujudipun gugon tuhon, salah satunggaling awujud cariyos  gugon tuhon masyarakat ingkang boten pareng tindakan mawi dinten Setu paing. Gugon tuhon menika saking Adipati banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Pahing. Wonten ing trdaisi jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih sakderengipun Adipati Banyumas seda, penjenenganipun paring wewaler yaiku: Ora kena lunga ing dina Setu Pahing, Ora kena mangan daging banyak (angsa). Wewaler menika salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masyarakat Banyumas ngantos dinten punika.
Wonten malih gugon tuhon saking masyarakat Bagelen, Jawa Tengah bilih wewaler menika saking Nyai Ageng Bagelen utawi Rara Bang Wetan. Wewaleripun inggih menika: (1) ora kena nganggo jarit gadhung mlathi, (2) ora kena nandur dhele, (3) ora kena mbeleh sapi, (4) ora kena lungan ing dina Slasa Wage.
Kathah sanget wewaler utawi wewarah gugon tuhon ingkang wonten ing masyarakat jawa. Kadosta wewaler boten pareng besanan utawi nikah kaliyan tiyang ingkang saking arah lor mangulon. Wewaler menika sakinh sejarang ing Kraton Ngayogyakarta awit sedanipun Ki Ageng Mangir ingkang sedanipun saking tangan mara tuwanipun piyambak.
Ugi wonten wewaler ingkang awujud tembang. Salah satanggaling saking serat Pepali Ki Ageng Sela ingkang isinipun:
Pepali-ku ajinen mbrekati/ Tur slamet sarta kuwarasan/ Pepali iku mangkene:/ Aja gawe angkuh/ Aja ladak lan aja jail/ Aja ati serakah/ Lan aja celimut/ Lan aja mburu aleman/ Aja ladak, wong ladak pan gelis mati/ Lan aja ati ngiwa//
Tembang menika awujud tembang Dhandhanggula. Wonten ing tembang menika sampun cetha punapa kemawon wewaler ingkang dipunsebataken wonten ing tembang menika.
 Dening: Imam Maskur Rahmat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar