OPINI
‘BASA JAWA’
Sejatosipun
sampun dangu tiyang-tiyang ingkang eling anggenipun nyerat mawi Basa Jawi.
Ananging kula taksih dereng yakin menapa kathah piyantun Jawi ingkang taksih
purun. Kula kinten taksih kathah ingkang saged maos Basa Jawi. Dene ngendikan
Basa Jawi sampun mboten purun. Mbok menawi, Basa Jawi sakmenika sampun dados
basa kuna ingkang mboten gaul.
Coba
panjenengan gatekaken, wonten griya kemawon kathah para tiyang sepuh ingkang
mboten purun ndamel Basa Jawi. Malah Basa Indonesia kemawon abal-abalan kaliyan
‘Basa Jakartaan’
Wonten
panemu, menawi Basa Jawi menika, menapa malih basa karma inggil mboten saged
ndadosaken akrabipun para putra kaliyan bapak-biyungipun. Basa karma inggil
kados-kados dados ‘pager penyekat’ Sejatosipun, menawi sampun dados pakulinan
saben dintenipun malah sami kaliyan basa gaul jaman sakmenika.
Basa
Jawi panci benten kaliyan basa sanesipun. Amergi Basa Jawi menika sejatosipun
‘basa budaya’ Basa Jawi sanes namung basa tutur utawi lesan semanten ugi namung
basa tulis. Nanging saben tembung kaliyan ukara ingkang dipunwaos kaliyan
dipunserat nggadhah ‘pesan moral’ ingkang kedah dipunmangertos kaliyan
dipunlakoni.
Tuladha.
“Wong
Jawa” tegesipun saged ‘Suku Jawa’ Nanging saged ateges ‘wong sing pitutur,
tingkah pola kaliyan solah bawanipun tansah miturut tata krama Jawi’ Mila
menika, kadang wonten ‘istilah’ kados makaten: ‘Wong Jawa wis ilang Jawane,
‘ora jawa’ marang wong tuwane, ‘sanajan wong Landa nanging nJawani’
Tidak ada komentar:
Posting Komentar