Halaman

Selasa, 13 November 2012

Wong Jawa Wajib Migunakake Basa Jawa


Basa iku salah sawijining asil kabudayan minangka sarana kanggo pacelathon karo wong liya. Basa Jawa iku kalebu basa kang istimewa, ora mung mligi basa kanggo sarana pacelathon kang sugih tetembungane, nanging ana ing sajroning basa Jawa kuwi uga ana unggah-ungguhe basa. Unggah-ungguh iku kalebu carane pacelathon, sapa kang diajak celathu, lan ana ing ngendi dhewe lagi celathu (empan papan).
Basa Jawa nduwe tingkatan basa, kayata krama alus, krama lugu, ngoko alus, lan ngoko lugu. Tingkatan kuwi wis beda-beda kanggone, menawa celathu karo wong tuwa kuwi dhewe kudu nganggo basa krama alus kanggo ngurmati, menawa karo kanca bisa nganggo basa ngoko, supaya luwih akrab.
Ana paribasan Jawa “sapa gawe nganggo” kang ateges sapa kang gawe ya dheweke iku kang nganggo, apa kang katindakake ya dheweke kuwi kang nampa akibate. Paribasan iki bisa dadi pangeling-eling menawa ing jaman saiki wong Jawa malah asring lali marang duweke iku. Akeh wong Jawa kang wis lali marang budaya uga basa Jawa. Anggone srawung padinan luwih asring nganggo basa Indonesia, malah nganggo basa asing, utawa nganggo basane cah nom-noman saiki kang padha ngarani basa gaul.
   Saiki wis wiwit tuwuh kesadharan saka masarakat Jawa kanggo nglestarekake basa Jawa. Nyata saiki wis diwiwiti dening pamarentah kanthi anane aturan kanggo warga Jawa Tengah supaya migunakake basa Jawa ing pasrawungan sedina saben seminggu. Aturan kuwi ana ing Peraturan Daerah Nomor 17 Tahun 2012 bab Basa, Sastra lan Aksara Jawa kang wis disahke dening DPRD Jateng. “Peraturan kuwi diwajibake kanggo kabeh tataran masarakat Jawa kayata pegawai negeri, swasta, pelajar lan uga  masarakat umum. Kanggo pelaksanaane isih ngenteni juknis (petunjuk teknis) kang diatur ana ing  Peraturan Gubernur”, kandhane Wakil Ketua Komisi E DPRD Jateng, Slamet Effendi kaya kang dikutip saka salah sawijining kalawarti Jawa Tengah. Perda babagan basa, sastra lan aksara Jawa iki ana 12 pasal. Ana ing bab I ngandharake menawa basa Jawa iku basa dhaerah kang dienggo dening saperangan masarakat Jawa lan panutur liyane kanthi  varian-varian lan dialek kang ana ing Jawa Tengah minangka sarana ekspresi, apresiasi lan komunikasi. Slamet nambahi, panganggone basa Jawa sedina saben seminggu kuwi minangka salah sawijining usaha kanggo nglestarekake basa Jawa ing jaman globalisasi. Dheweke uga ngakoni yen anane kabudayan Jawa iki sangsaya surut merga globalisasi, akeh nom-noman kang wiwit ninggal, lan ngalekake basa Jawa. Perda kang wis digawe watara telung wulan kuwi dikarepake bisa ditrapake wiwit taun 2013.
Bab basa iki sajatine wigati banget lan prelu digatekake tumemen. Ya bener apa kang dikandhakake Pak Slamet mau, basa Jawa kang kalebu budaya duweke wong Jawa iki kudu dilestarekake, aja nganti ilang saka Jawa. Merga kang wis kedadean, budaya Indonesia iku ora sethithik kang diklaim dening nagara liya kayata batik, lagu-lagu tradhisional, apadene panganan tradhisional. Contone yaiku kesenian Reog Ponorogo saka Jawa Timur kang diklaim dadi duweke Malaysia. Basa Jawa iku minangka jatidhirine wong Jawa, mula wong-wong Jawa iku kudune nduwe rasa mongkog dening asil budayane dhewe paling ora ya ngakoni duweke kuwi. Masarakat Jawa kang sajatine sugih kabudayan kudu bisa luwih nggatekake asiling budaya Jawa, ora mung kang awujud barang utawa artefak nanging uga kang awujud tindakan apadene ide kayata adat istiadat utawa basa kuwi mau. Aja nganti kaya paribasan “wong Jawa ilang jawane”.
Ngenani klaim kuwi uga kudu ana iguh saka pamarentah kanggo aweh ketegasan, lan bisa netepake budaya kang dadi duweke Indonesia. Pamarentah Provinsi Jawa Tengah uga dikarepake bisa aweh sosialisasi dening masarakat supaya ngulinakake panganggone basa Jawa kanggo padinan liwat bab-bab kang asipat publik. Jangkahe pamarentah nggawe Perda Basa Jawa kuwi wis mujudake iguhe pamarentah kanggo nglestarekake basa Jawa.  Kajaba kuwi panganggone basa Jawa uga diarahake kanggo kurikulum pelajaran basa Jawa,  sarta para pendhidhik ing sekolahan-sekolahan ana ing piwulangan. Pamarentah uga diarahake kanggo menehi bea siswa lan penghargaan marang guru basa Jawa kang nduwe prestasi. Kang isih prelu dibuktekake iku kepiye palaksanaane Perda kuwi dening pamarentah uga dening masarakate ing tembe, apa bisa nglakoni aturan Perda mau kanthi tumemen lan bisa kalakon nganti salawase? Merga ketentuan pelaksanaane Perda mau isih  durung cetha, lan isih kudu ngenteni Peraturan saka Gubernur. Uga kepiye nuwuhake kesadaran mligine kanggo nom-noman marang basa Jawa. Merga nom-noman iki kang mengkone dadi penerus kanggo nglestarekake basa Jawa, lan nom-noman saiki nyata gampang banget kena pengaruhe budaya asing.
Ing kanyatan, nom-noman saiki luwih dhemen sinau basa asing ketimbang basa dhaerah, mligine basa Jawa. Anggepe, basa Jawa iku wis ketinggalan jaman, dene basa asing kuwi luwih njanjeni kanggo sangu golek pakaryan ing tembe. Pancen basa asing uga kudu disinaoni, nanging uga aja nganti ninggal basa Jawa. Merga basa Jawa ora mung kanggo sarana pacelathon karo wong liya nanging kanthi basa Jawa kang trep uga bisa mujudake unggah-ungguh lan patrap kanggo micara karo wong tuwa nganggo basa Jawa krama alus.
Nglestarekake basa Jawa iku bisa diwiwiti saka awake dhewe, minangka wong Jawa kudu bisa nganggo basa Jawa ing pasrawungan, kaya kang wis katulis ing Peraturan Daerah, sukur ora mung sedina saben minggune, nanging kudu bisa dadi pakulinan ing saben dinane. Bab iki ora mung dadi tanggungjawabe nom-noman, nanging uga kabeh perangane masarakat Jawa. Kanggo wong tuwa, kang wis paham marang basa Jawa kudu bisa marahi putra-putrane migunakake basa Jawa menawa lagi celathu karo wong liya, uga kudu bisa marahi unggah-ungguhe basa, wiwit cilik diwarahi supaya bisa kulina nganti gedhe. Ewah-ewahan gedhe bakal kalakon menawa dhewe bisa nglakoni saka bab cilik kanthi tumemen.

Estri Wiji Asih
10205244019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar