Warisan
kabudayan saking tiyang rumiyin mawarni-warni wujudipun. Wonten ingkang awujud
candi, keris, wayang, kesenian lan sanesipun. Warisan saking tiyang rumiyin
menika boten sedaya dipunjagi dening masarakat samenika, ananging uga wonten
kabudayan ingkang saweg dipunlestantunaken dening pamarentah, kadasta reog,
batik, lan sanesipun. Batik menika salah satunggaling kabudayan ingkang sampun
dipunakui dening UNESCO
menawi batik salah satunggaling warisan kabudayan asli tiyang Indonesia. UNESCO netapaken dinten batik ing tanggal 2 Oktober.
menawi batik salah satunggaling warisan kabudayan asli tiyang Indonesia. UNESCO netapaken dinten batik ing tanggal 2 Oktober.
Saking
jaman rumiyin dumugi jaman samenika, tiyang manca lan Indonesia sampun
mangertos batik. Kathah tlatah ing Indonesia ingkang damel batik, boten namung
wonten ing jawa, wonten pulo sanesipun uga gadhah batik piyambak-piyambak.
Motip ingkang dipuncitrakaken ing sadawane bujur menika dados cirri has tlatah
pundi ingkang damel batik. Dados saking motip batik saged dipuntemtokaken
saking pundi tlatah ingkang damel batik.
Tuladhanipun
batik ingkang dipundamel ing Yogyakarta Hadiningrat beda kaliyan batik ingkang
dipundamel ing Sala, Semarang lan Pekalongan. Batik Yogyakarta piyambak gadhah
motip ingkang mawarni-warni. Boten namung jogja, tlatah sanesipun uga gadhah
motip ingkang mawarni-warni, kadasta wonten ing Semarang, Pekalongan uga gadhah
motip ingkang beda antawisipun tlatah sanesipun. Ananging motip ingkang
mawarni-warni menika boten ninggalaken cirri has ing tlatah ingkang damel,
sedaya batik saged dipunbedakaken motip saha cirri has saben tlatah.
Batik
menika asiling cipta, rasa lan karsa tiyang ing jaman rumiyin. Boten sedaya
tiyang saged damel batik ingkang sae,
wonten perkawis ingkang kedah dipunmangertos rumiyin saderengipun damel batik.
Anggenipun damel batik wonten tata caranipun ingkang kedah dipunlampahi. Tiyang
kedah saged menapa kemawon ingkang dipunsiapaken sakderengipun damel batik, lan
menapa kemawon bahan ingkang kedah dipunsiapaken.
Batik
ingkang sae inggih menika batik ingkang gadhah nilai filsafat lan wonten maksud
wonten ing motip batik menika. Dados anggenipun damel batik kedah gadhah daya
imajinatif ingkang ageng, kedah teliti lan ngatos-atos. Batik ingkang gadhah
nilai ekonomi ingkang inggil inggih menika batik ingkang dipundamel kanthi
seratan asta. Anggenipun damel batik betahaken wekdal ingkang dangu, tlaten lan
kedah ngatos-atos.
Wonten
ing jaman samenika, anggenipun damel batik boten namung dipundamel kanthi
seratan tangan, nanging uga wonten batik cap. Damel batik cap boten betahaken
wekdal ingkang dangu, dados damel batik cap menika langkung cepet tinimbang
damel kanthi seratan tangan. Reginipun batik cap mirah boten kados seratan
tangan. Amargi batik cap langkung mirah, kathah tiyang pengusaha batik seratan
tangan ingkang rugi lan kalah saing ing pasar.
Ananging
batik seratan tangan menika uga gadhah papan piyambak ing pasaran. Inggih
menika para tiyang ingkang remen ngagem batik mesthi langkung sekeca lan
langkung bangga menawi ingkang dipun-agem menika batik seratan tangan.
Sedayanipun sampun wonten papan piyambak anggenipun masaraken batik menika.
Jaman
rumiyin, batik menika taksih awujud jarik menapa klambi kemawon. Nanging ing
jaman samenika kathah tiyang ingkang damel batik awujud clana, topi, jaket, tas
lan sanesipun. Menapa malih sasampunipun UNESCO netapaken menawi batik menika
asiling budaya asli dedamelan tiyang Indonesia. Kathah pabrik-pabrik ingkang
damel barang ingkang motipipun batik. Boten namung ageman ingkang motipipun
batik, tuladhanipun samenika wonten sandal ingkang motip batik, mobil lan motor
uga wonten ingkang dipun-gambar ngangge motip batik.
UNESCO
sampun netapaken manawi batik menika asli kabudayan saking Indonesia, dados
sedaya tiyang ing donya menika uga sampun mangertos menawi batik asalipun
saking Indonesia. Samenika kathah tiyang manca ingkang remen ngagem batik,
kadasta kaluwarganipun presiden Amerika uga remen ngoleksi lan ngagem batik
asli Indonesia. Kahanan menika kedah dipunsukuri dening masarakat Indonesia
amargi boten namung tiyang Indonesia ingkang ngagem batik, nanging uga tiyang
manca. Tiyang Indonesia kedah bangga gadhah warisan budaya ingkang dipunremeni
dening tiyang manca.
Tiyang
Indonesia kedah boten kalah saking tiyang manca anggenipun ngremeni ngagem
batik. Kabudayan ngagem batik kedah dipunuri-uri saking alit supados gadhah
rasa bangga anggadhahi batik menika. Tiyang anem ing Indonesia kedah dados
tiyang ingkang nglestantunaken budaya
ngagem batik. Amargi batik menika boten identik kaliyan tiyang ingkang sepuh.
Batik menika gayanipun boten “jadul”, menapa malih samenika kathah model-model
ageman ingkang motipipun batik.
Ananging
tiyang anem samenika kathah ingkang boten remen ngagem batik. Kahanan samenika
saged ketingal saking minat tiyang anem anggenipun ginakaken ageman. Kathah
ingkang ngagem klambi, clana lan sanesipun boten motip batik. Daya tarik batik
kangge tiyang anem minatipun kirang.
Pamarentah
kedah damel kaputusan lan tindakan supados tiyang anem menika gadhah rasa
bangga lan remen ngagem batik. Amargi tiyang anem menika ingkang badhe
nerusaken budaya batik menika, majunipun batik wonten ing asta para generasi
penerus bangsa.
Rendy Ari Baktiar
10205244025
Tidak ada komentar:
Posting Komentar