Halaman

Sabtu, 01 Desember 2012

Mistik Pesanggrahan Pandhan Kuning


M
enawa dideleng satleraman, bangunan kang ngadeg ana ing pinggir pesisir Laut Petanahan, penere sakulon gerbang metu pantai iku katon kaya omah biasa. Latare kang dituwuhi wit-wit kayadene ing taman, nanging uga ana tanduran kang rungkut banget, yaiku wit pandhan kuning kang thukul ana ing cedhak pager bangunan kuwi. Pagere mung arupa sigaran pring kang katancepake rapi ing sakubenge bangunan kuwi. Papane pancen sepi, dadi gawe kesan mistik yen mlebu ing bangunan kuwi.
Pesanggrahan Pandan Kuning (saka ngarep)
Papan kang kebak crita mitos kuwi pranyata dadi papan pesanggrahan lan semedi kanggo wong-wong pinter, utawa wong-wong kang lagi golek wangsit. Gandane kembang setaman krasa banget ing sajroning ruangan kang biasa dinggo semedi kuwi. Ing jaman kang wus modern isih akeh uga wong-wong kang nglakoni ritual lan ndedonga ing papan kuwi.
Papan kang asring disebut Pandhan Kuning kuwi wis terkenal ing masarakat ora mung ing masarakat Kebumen nanging uga masarakat luar kota. Pranyata wong-wong kang nglakoni ritual ing pasanggrahan kuwi, akeh uga kang teka saka luar kota, kayadene Purbalingga, Wonosobo, lan dhaerah sekitar Kebumen. Biasane wong-wong kuwi nglakoni ritual kanggo golek petunjuk supaya uripe sukses, ana kang duwe tujuan kanggo ndedonga njaluk lancar rejeki dening Gusti Kang Maha Kuwaos.

Sanadyan jamane wis modern nanging isih akeh wong-wong kang uripe susah ing babagan ekonomine kanggo nyukupi kebutuhan urip. Saengga nganti milih dalan usaha kang ora rasional, kayata nglakoni ritual-ritual klenik. Percaya apa ora, ya pancen iku sanyatane.
Papan sesajen ing njero ruang semedi
Kanggo kang percaya, apadene nglakoni ritual ing pesanggrahan kang ana gandhengcenenge karo ratu kidul kuwi, kanthi kepenginane lan niyate, dongane bisa kaleksanan. Ritual kang mangkono, utawa laku semedi mung dilakoni ing wektu bengi, cukup nggawa sajen kanggo sarana ritual, dene ing wektu awan dinggo ngaso. Kapracayane wong-wong kuwi, yen dongane kaleksanan kudu nglakoni ritual larungan. Ritual kang ditindakake yaiku klambi kang dinggo nalika nglakoni semedi utawa ritual dilarung ing segara kidul. Tradhisi larungan sesajen kuwi gegandhengan karo mitose pangwasa segara kidul. Wong-wong kang semedine kasil, saben malem Jemuwah Kliwon ing sasi Sura nganakake larungan.
Papan kang aran Pandhan Kuning iki nduwe mitos lan legendha ing jaman biyen watara taun 1601 nalika jaman Krajan Mataram ing pamarintahane Sutawijaya. Jeneng Pandhan Kuning kuwi ana gandhengcenenge karo critane Raden Sujono lan Dewi Sulastri kang lagi kasmaran, uga nom-noman anama Joko Puring kang sajake uga sir karo Dewi Sulastri. Kacarita, Raden Sujono lan Joko Puring padha sulaya merga padha-padha kepengin nyedhaki Dewi Sulastri, putra Bupati Pucang Kembar. Nanging pranyata Raden Sujono kang luwih aji lan bisa ngepek Dewi Sulastri dadi bojone. Joko Puring kang ora trima banjur nggawa Dewi Sulastri lunga saka omahe lan didhelikake ing pesisir segara kidul.
Pungkasane crita, Raden Sujono bisa ngalahake Joko Puring lan nemokake Dewi Sulastri kang kaiket ing wit pandhan. Nalika Raden Sujono ngaso ing sacedhake wit pandhan kuwi,  katekan Nyi Roro Kidul kang aweh weruh yen papan kuwi besuke bakal dadi panggonane wong-wong semedi lan golek pitulungan. Ora nyana, akhire pandhan kang dinggo naleni Dewi Sulastri kuwi malik saka warna ijo dadi warna kuning. Mula ing papan kono banjur dijenengi Pandhan Kuning, lan nganti saiki Pandhan Kuning isih ditekani wong-wong kang arep nglakoni ritual semedi.

Estri Wiji Asih
10205244019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar