
Piyayi klairan Brebes, 19 Juli 1953 iki pancen
dudu pejabat negara utawi artis kang misuwur ana ing ibu kota. Ananging Pak
Muhaimin kalebu wiraswastawan sukses kang ana ing kutha Bumiayu. Dheweke duwe
usaha bengkel las lan konstruksi bangunan.
“Bengkel iki ngadeg ana ing taun 1975, jaman
aku isih bujang dhisik”. Mengkono ngendikane Pak Muhaimin kang saiki wis duwe
putra telu saka garwane yaiku Ibu Masmukha.
Ora gampang bisa ngadegake bengkel nganti wis
tekan umur 37 taun kaya mangkono. Awit anyar-anyare ngadeg jaman biyen mung
bisa nampa pesenan las-lasan sakcuil merga alat-alate esih kurang lan karyawan
ya durung duwe, nganti saiki wis bisa nampa tender konstruksi bangunan ana ing
jumlah partai ged
he kang dirangkul dening karyawan jumlahe 9 lan bisa uga nambah karyawan menawa ora bisa kacekel karo karyawan tetep kang wis ana.
he kang dirangkul dening karyawan jumlahe 9 lan bisa uga nambah karyawan menawa ora bisa kacekel karo karyawan tetep kang wis ana.
Usaha bengkel Pak Muhaimin kuwi manajemene
kabeh dicekel ing tangane dheweke, dheweke piyayine tegas lan disiplin menawa
ngatur anak buah. Saben dinane bengkel kang kawastanan Bengkel Remaja kuwi buka
ing jam stengah 8 esuk lan tutup ing jam 4 sore. Saluwihe jam kuwi dietung
lembur, ya wis mesti ana jatah lembur dhewe nganggo karyawan-karyawane mau,
apamaneh Pak Muhaimin kuwi pancen piyayine eman. “Asal karyawane manut lan
sregep menawa kerja, wis mesthi Abah
bakal eman marang anak buahe”, ngono kuwi omonge Mas Bunyamin karyawan ana ing
bengkele Pak Muhaimin.
Pak Muhaimin kuwi sekolahe biyen ora
dhuwur-dhuwur banget, mung nganti tingkat SMA, nanging semangate sing pancen
dhuwur ana ing gesang iki. Pancen bener Pak Muhaimin ngendika kaya mangkene, “Wong
urip ana ing donya apamaneh wong bisnis kuwi kudu aja wedi gagal, gagal ya
bangkit maneh aja malah nglumpruk lan putus asa, gagal kuwi cukup dadi
pengalaman, menawa aku wedi karo tembung gagal
ya aku ora bakal dadi kaya saiki”.
Dening :
Rizqi Amalia
(NIM :
10205244036)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar