Arisane Dhemit
Dina
iki malem jumat legi. Aku karo Mbakyuku pengajian neng omahe pak Slamet. Omahe Pak Slamet rada adoh, ya kira-kira
sekilonan saka omahku. Bengi iki desaku katon sepi banget, mbuh ana apa. Padahal wengi iki
wayahe pengajian
rutin sing ditindakake dening ibu-ibu sing ana ing Desa Jambulegi iki. Tiba jam pitu bengi aku langsung mangkat karo Mbakyuku. Nanging aku ngampiri tanggaku sing ana ing sebelah omahku dhisik. Sak wise aku ngampiri, aku
langsung mangkat.
Tekan
kana wis rame banget, akeh ibu-ibu sing wis teka neng kono.
Ora let suwe pengajian iki dimulai. Kaya
biasane ya ana konsumsine sing disuguhna ana ing pungkasan pengajian iki. Sak wise jam 9, pengajian rampung. Aku langsung bali
bareng-bareng karo Mbakyuku, tanggaku lan ibu-ibu liane.
Ana ing dalan aku mampir tuku bakso dhisik
karo mbakyuku, lan tanggaku. Neng warung bakso, aku dicritani tanggaku iki. Mbak
Nita jenenge. Dheweke crita yen ning desa kene ana kuntilanak, mbiyen matine
merga disantet karo kancane sing iri karo dheweke.
Akhire mati lan medeni wong sing ana
ing desa. Kahanan bengi kuwi dadi medeni banget. Bubar mangan bakso aku banjur mulih.
“Piye ya nek kuntilanak kae metu
neng ngarepe dhewe?” Mbakyuku ngendika. “Ojo ah mbak aku wedi ki,” aku njawab.
Tekan
tengah dalan aku wedi banget nalika neng ngisor wit klapa aku ngerti ana
wong wadon nganggo
klambi putih. “Mbak kae apa ya? Putih-putih?” aku takon marang Mbakyuku. “Oalah kae Bu RT ngangge klambi
putih.” Mbakyuku mangsuli. Sak uwise kuwi aku ayem, tibake bener Bu RT sing ngangge klambi putih.
Aku
terus mlaku karo Mbakyuku, atiku wis ora penak
tapi wengi iki. Isih
urung tekan omah, ana dalan aku ketemu tukang
becak, dheweke ngomong ngene nang aku, ”Ati-ati mbak, neng dalan kono enek kuntilanak
lho.”
Aku
mung meneng wae. Tapi ora let suwe
Bapake mau bengok-bengok, jerene becake ora bisa mlaku. Jerene neng nduwur becake enek wong
gedhe banget lungguh, rambute dawa lan ireng. Tukang becak mau
keweden banjur becake ditinggal mlayu.
Aku saya
wedi, aku wedi yen diwedeni setan sing medeni tukang becak mau. Aku mlayu
banter banget karo mbakyuku lan Mbak
Nita, teka dalan
pas ing ngisore wit klapa mak gluduk ana barang ceblok teka ndhuwur. Aku kaget bareng tak ingeti tibake kuwi gundule wong, lan
mringis neng aku, wong telu langsung padha njerit
kabeh. Banjur mlayu bareng.
Teka omah
aku karo Mbakyuku isih kaget banget ngerti kedadean kaya mau, Mbakyuku jupukke aku banyu putih. Tangga sebelah omahku mau melu mlebu neng njero omahku.
Bengi
iki akeh banget setan sing medeni aku. Sing pertama setan gedhe ireng sing di omongne tukang becak mau, ke
loro gundul mringis.
Tak pikir-pikir dina iki mau akeh setan pada kliyaran nang desaku, apa mergane dina
iki malem Jumat. Banjur setan-setan padha metu. Apa setan-setan ya ana
pengajian apa ana arisan, aku malah ngguyu dhewe
neng jero atiku. Tanggaku langsung jaluk diterke mulih, aku sing ngeterke karo Mbakyuku merga aku ora wani ngeterke dhewe, aku isih keweden karo setan-setan mau.
Dening: Rizqi Amalia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar