Halaman

Senin, 31 Desember 2012

Pesona Gunung Ungaran


Puncak Ungaran
Gunung Ungaran inggih menika salah satunggaling gunung wonten ing tlatah Jawa, gunung menika etakipun wonten ing kecamatan Ungaran kabupaten Semarang, inggilipun 2.050 meter.
Base camp Mawar
Gunung menika inggilipun boten kados gunung sanesipun, namung betahaken wekdal 4 jam kangge mingga dumugi puncak boten kados gunung sanesipun ingkang betahaken wekdal 8 jam utawa langkung. Kathah tiyang ingkang minggah gunung ungaran amargi gunung menika anggadhahi pemandangan ingkang sae. Menawi musim liburan kathah tiyang ingkang minggah gunung ungaran. Wonten ing puncak ungaran saged mirsani
sunrise saha sunset, uga saged mirsani gunung sanesipun kadosta gunung merapi, merbabu, sindoro, sumbing, saha gunung lawu. Menawi badhe minggah gunung ungaran, saged dipunwiwiti saking basecamp mawar saha basecamp gedhong sanga. Ananging kathahipun dipunwiwiti saking basecamp mawar amargi menawi lewat mrika langkung caket tinimbang basecamp gedhong sanga.
Menawi boten badhe minggah, wonten ing mawar uga saged dipunkangge kanggo camping, wonten mrika pemandanganipun uga sae, nanging langkung sae menawi minggah dumugi puncak gunung. Mergi dhateng puncak ungaran nglewati hutan pinus, perkebunan teh, kopi saha alas liar.
Candi Gedhong Sanga
Ing base camp sanesipun inggih menika base camp gedhong sanga uga anggadhahi pesona saha daya minat kangge liburan. Wonten ing gedhong sanga saged ngawontenaken kegiyatan alam kadosta camping, flying fox saha arena kangge outbond sanesipun. Wonten mrika uga wonten candi ingkang sampun terkenal, inggih menika candi gedong sanga. sanesipun inggih menika wonten kawah, toya wonten mrika panas uga medalaken asap ambu blerang.










Dening : Rendy Ari Baktiar
NIM    : 10205244025

Tidak ada komentar:

Posting Komentar