Wonten sakelompok kewan
ingkang gesang wonten ing satunggaling alas caket desa. Wonten mrika wonten
kelinci ingkang sombong lan remen ngremehaken kewan ingkang boten gadhah daya
kaya dene kelinci, kewan menika kadosta semut, uler, cacing, kupu-kupu, lan
sanesipun. Kewan menika boten wonten ingkang remen kaliyan kelinci ingkang
sombong menika.
Wonten ing
satungaling dinten, kelinci saweg mlampah ing alas. Wonten mergi kelinci
kepethuk kaliyan kura-kura. Lajeng kelinci matur “hey, kura-kura alon!”.
“ya ben, kula mlampah pancen alon, sing penting slamet” wangsulane kura-kura. Lajeng kelinci nantang kura-kura kangge adu mlayu, ananging kura-kura amargi kura-kura menika boten cepet anggenipun mlayu.
“ya ben, kula mlampah pancen alon, sing penting slamet” wangsulane kura-kura. Lajeng kelinci nantang kura-kura kangge adu mlayu, ananging kura-kura amargi kura-kura menika boten cepet anggenipun mlayu.
Kelinci meksa
kura-kura supados purun balapan mlayu. “pokoke ngenjang tek tunggu neng ngisor
wit wringin, aku ngajak macan supados dados wasit”, maturipun kelinci.
Kura-kura namung mendel kemawon, amargi kura-kura boten percaya saged menanga
anggenipun balapan mlayu.
Wekdal
enjangipun, kelinci sampun sombong nengga kura-kura wonten ing sangandhaping
wit waringin. Macan uga sampun dumugi kangge dados wasit. Sasampunipun
kura-kura wonten mrika lan kewan sanesipun uga wonten, banjur macan
ngandharaken tata cara anggenipun balapan. “tata caranipun kados makaten, kelinci
kaliyan kura-kura miwiti balapan saking sangandhaping wit pelem menika, banjur
mlayu ngantos dumugi wit waringin menika, sinten ingkang ngidak garis finish
rumiyin, menika ingkang menang” andharanipun macan. Sedaya kewan wonten mrika
sarujuk.
Sasampunipun
siap, macan banjur paring tanda kangge miwiti balapan “1, 2, mlayu!!!”. Kelinci
langsung mlayu lan mlumpat cepet sanget, ananging kura-kura namung saged
mlampah alon lan sakedhik-sakedhik. Kelinci sampun tebih anggenipun mlayu,
banjur matur “ cepet kura-kura, kula tengga wonten mriki nggih?” aturipun
kura-kura kanthi swara ingkang ngejek. Kelinci banjur ngaso lan nyanyi-nyanyi
wonten ing sangandhaping wit. Boten krasa kelinci banjur turu.
Sanajan
alon-alon, kura-kura teras mlayu. Kura-kura banjur nglewati kelinci ingkang
saweg turu. Teras mlayu lan sampun caket dumugi garis finish. Kelinci tangi,
kelinci kaget ningali kura-kura sampun caket kaliyan garis finish. Kelinci
banjur mlayu banter banget, ananging kura sampun dumugi garish finish.
Kura-kura ingkang menang lan kelinci ingkang kalah. Teras kura-kura nyuwun
dhateng kelinci supados boten sombong malih dhateng kewan sanesipun.
Dening : Rendy Ari Baktiar
NIM : 10205244025
Tidak ada komentar:
Posting Komentar