Halaman

Minggu, 30 Desember 2012

Ditekak Raseksa



Nalika esuk aku kepengen gawe wedang lan kepengen ngopi. Nanging dumadakan awak krasa entheng banget, lan penyawang katon peteng. Isine omah kaber sepi, sebab wektu kuwi during ana sing tangi. Adhiku sebut wae jenenge Nana wis tangi lan ngancani resik-resik, masak kanggo keluwargaku.
Panyawangku kang tansaya ora cetha, nambahi atiku buneg, rasane sumpeg lan seseg ing dhadha. Aku babar pisan ora ngerti piye sateruse panyawangku peteng, sing tak alami aku krasa mlaku dhewe liwat dalan kang sepi banget.
Sadawane dalan tanpa ketemu uwong, lakune sikilku kaya tanpa wates nanging ora krasa kesel. Trus mlaku tanpa ana papan kang dituju, sing aneh papan mau aku during ngerti. Kahana sakiwa tengene aku uga during mangerteni, yen iki dalan uwong kok ora ana wong kang ngliwati.
Ana rasa was-was ana ing atiku, sawise tanpa dinyana kupingku ana wong bengok sora. Tanpa dinuga ana raseksa gedhe dhuwur ireng banjur nyekel guluku, aku ditekak diuncalke saka dalan sepi mau. Aku kaget setengah mati, aku bingung nalika mripatku bias nyawang kahanan kiwa tengen jebul aku wis dirubung keluwargaku.
“Mas, eling, tangi mas.. “ samar-samar aku krungu suwarane adhiku karo nangis. Aku tambah bingung, geneya wong-wong kang ngrubung aku padha sedhih lan nangis. Ana kedadean apa satemene, aku during bias takon. Nanging atiku wiwit bias ngrasake emsthi ana babagan kang ora samestinesing dumadi marang awaku.
Nalika kau wis bisa ngucap nanging during lancer, aku takon marang Nana lan Mamik kang nyandhing lan nggosok awaku nganggo balsam, minyak kapak lan kabeh obat gosok ditamake supaya awaku bisa bali anget.
“kena apa ku dhik, aku ngapa…?” among ukara kuwi kang bisa metu saka lathiku. Nanging ora ana kang mangsuli, kabeh nyawang awakku kang iseh anyep lan lemes sinambi nyeka banyu panas.Manut critane adhiku, ana kurang luwih 15 menit aku during bisa diajak ngomong, mripatku katon putih, tangan lan sikil kabeh anyep jejed.
Kabeh bingung kudu kepiye, arep digawa kepiye, arep digawa menyang rumah sakitdung sida sebab kendharaane lagi digawa lunga kepeneram esuk kuwi pancen lagi apes, sing ana ngomah roda loro kamangka kondhisine ora bisa digawa ngenggo motor. Mula kanthi cara awaku dipanasi supaya aku cepet eling, dlamakan sikilki uga diseka nganggo banyu panas, aku bisa pulih kaya wingi uni, aku bisa sehat. Rasa syukur kang tanpa upama marang Gustu Kang Akarya Jagad, wis paring kasarasan lan kanugerahan marang awaku.
Dening: Imam Maskur Rahmat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar