Halaman

Senin, 31 Desember 2012

Sarmono


Sarmono
Sarmono, ingkang asring kasebat Mono, lair ing Banyumas, 27 Juni 1998. Taun 2004-2010 Mono sekolah ing SD N 2 Klinting, ananging Mono boten saged nglajengaken sekolah amargi boten wonten beya. Mono lair saking salah satunggaling kaluwarga ingkang serba kekurangan, Mono lare kaping 3 saking 3 sadherekipun. 
Kakang saha Mbakyunipun mono sedaya sampun gadhah garwa, gesangipun boten satunggal griya kaliyan Mono, sampun gadhah griya pyambak-piyambak. Bapakipun Mono gadhah garwa malih nalika Mono umur 8 taun, dados samenika Mono namung gesang kaliyan ibu wonten ing griyanipun ingkang alit. Ibunipun Mono boten saged nyambut damel amargi gadhah salah satunggaling penyakit.
Mono saweg nyambut damel
Nalika lulus SD, mono nlangsa amarga namung piyambakipun ingkang boten saged nglajengaken sekolah amargi boten gadhah beya. Wekdal samana, Mono sampun dados tulang punggung kalawurga ingkang pados rejeki kangge ibunipun saha piyambakipun. Sanajan umuripun taksih 13 taun, Mono saged nyambut damel kados tiyang ageng, inggih menika manjat wit krambil kangge dipunpundhut niranipun kangge damel gula jawa. Mono nyambet damel kados makaten amargi boten wonten pakaryan sanesipun ingkang langkung gampil, saha raos tresnanipun Mono dhateng ibu ingkang ageng satemah Mono boten ajrih anggenipun nyambut damel.
Amargi raos tresnanipun Mono dhateng ibu saha kiyatipun Mono kangge nglampahi alam gesang, ing wulan September 2011 Mono dipunsyuting wonten ing acara TV Orang Pinggiran Trans7. Sasampunipun dipuntayangaken, kathah ingkang biyantu Mono satemah saged sekolah malih. Uga kathah tiyang saking pundi kemawon, kadosta Solo, Yogyakarta, Tasikmalaya, Purwokerto saha sanesipun ingkang badhe mirsani kahananipun Mono. Mono dipuntayangaken wonten TV kalih episode, satemah kathah tiyang ingkang mangertos kados pundi perjuanganipun Mono nglampahi gesang ing alam donya. Kisah Mono menika saged kangge inspirator wonten ing alam donya.

Dening : Rendy Ari Baktiar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar