Halaman

Kamis, 27 Desember 2012

Aku Mesthi Bisa


Nembe wae mapan turu, dumadakan kaget, ana swara handphone muni. Jebul Ridwan nelpon. “Pram, aja lali mengko bengi dhewe nglumpuk neng panggonan biasa”, “Iya”, Pram semaur karo ngantuk. Tuut..tut..Ridwan langsung nutup telpone. Ridwan kuwi salah sijine kanca rakete Pram, wiwit SMA anggone padha kenalan.
Gandheng Pram lagi kesel banget, nembe bali saka kampus, dheweke banjur turu. Wektu kuwi ing kontrakan Pram dhewekan. Kanca-kanca kontrakan lagi padha duwe urusan dhewe-dhewe. Ya tenan wae, ora ana kang nggugah Pram, melek-melek jebul wis peteng.
Dheweke tangi, langsung nyandhak andhuk, adus. Wis seger rasane awak, banjur mara neng angkringan ing cedhak kontrakan kang wis dadi langganane Pram.
“Bu, aku pesen kopi ya,” ujare Pram karo nyandhak gorengan lan nasi bungkus neng ngarepe. Bubar mangan, dheweke banjur lunga neng panggonan biasa aku nongkrong karo kanca-kanca dolane, ing pinggir Kali Code utawa ing nol kilometer Malioboro. Jebul anggone teka Pram gasik dhewe, Ridwan kang mau ngelingake supaya nglumpuk malah durung teka. Ora suwe Aan teka karo Ardi, bocah loro kuwi pancen klop banget menawa lelungan asring bareng, bar kuwi nembe teka Ridwan karo kancane. “Wah, Rid, kok kowe malah teka keri ta?” Wengi kuwi Pram lan kanca-kancane rembugan, padha arep nganakake touring menyang Semarang nalika liburan semester. “Wah, aku melu iki, mumpung kegiatane dianakake pas liburan, kebeneran aku lagi kepengin refreshing,” batinku.
Sawise cukup anggone rembugan, banjur padha bali. Pram bali menyang kontrakan. Tekan kontrakan dheweke langsung mapan turonan. Ing panyawange, amung langit-langit kamar, putih, sela, jembar, kaya pikirane kang jembar tekan ngendi-ngendi nanging ya mung kosong. Dumadakan eling, wongtuwa, eling kuliahe, “Ah, jebul aku wis suwe mbuwang wektu, mung tugas akhir iki wae kok ra rampung-rampung. Bapak, Ibu, aku nyuwun pangapura, aku ora ngrumangsani anggone diragadi kuliah. Wiwit saiki aku arep sregep supaya aku bisa ngrampungake kuliahku, kaya pangarep-arepe wongtuwaku.”
Tangi saka peturon, nyandhak leptop, buku-buku, tugas akhir kang wis suwe urung digarap maneh. “Pram, wis bali? Lagi ngapa kowe?”, pawongan mbukak lawang mlebu kontrakan, jebul Toro nembe bali neng kontrakan. “Iya, iki lagi nggarap tugas”. Sewengi muput anggone Pram nglembur tugas, jalaran mumpung dina sesuk dheweke ora ana kuliah. Sawetara jam telu esuk dheweke nembe ngaso anggone ngadhepi leptop lan buku-buku, banjur turu.
Saiki pancen jadwal kuliahe wis sela, wis meh rampung anggone kuliah, mung kari dienggo nggarap tugas akhir. Bola-bali bapak lan ibune telpon, nakokake kuliahe, uga marang Dyah, adhine wedoke Pram, merga bocah loro padha-padha wis meh ngrampungake kuliah.
Sawijining dina, bubar kuliah, nalika Pram lagi mlaku bareng kanca kuliahe, Putri, dumadakan bapak nelpon, nanging ora digubris dening Pram. “Sapa ta sing telpon, Mas?”, “Dudu sapa-sapa”, jawabe Pram. Putri takon maneh, “Nembe kuwi sapa sing telpon? Apa bapak ibu maneh?” Pram pancen sok-sok crita karo Putri, curhat apa sing lagi dirasakake. “Bapak sing telpon”, wusanane Pram blaka marang Putri. Bola-bali bapak nakokake kuliahku, aku ya ngerti yen aku kudu ngrampungke kuliah, nanging saiki aku lagi ora mood.”,  “Aja ngono ta, Mas”, Putri nyoba nglerem atine Pram, “Bapak lan ibu kuwi perduli karo kowe, nggatekke kowe. Wong tuwa ya mesthi kepengin anake kuwi bisa cepet rampung kuliah, ndang kerja, lan bisa dadi wong sukses.”, “Iya,aku ngerti. Aku bisa, nanging ya karo caraku dhewe, ora perlu diatur-atur.”
Mlebu jurusan pendidikan pancen dudu karepe Pram. Wongtuwane kepengin besuk Pram dadi guru, kaya wong tuwane. Kepenginane Pram biyen mlebu kuliah jurusan teknik, nanging Pram wis ora bisa nolak kepenginane bapak. Pram  wis mangerti sipate bapak pancen keras, ora kena dibantah. Saiki Pram kuliah wis semester 9, pancen wis liwat saka wektu kang kudune bisa lulus 4 taun. Wis banget anggone bapak ngarep-arep Pram bisa lulus, nganti terus dipenggalih dening bapak, iku kang njalari bapak dadi asring kumat penyakite.
“Put, aku kepengin ngenalake kowe marang wong tuwaku”, ucape Pram nalika lagi mlaku bareng karo Putri. Putri iku pancen bocahe nyenengi, kepenak diajak crita, lan bisa gawe ayem atine Pram, iku kang njalari tresna awit saka kulina. Kulina ketemu, kulina crita lan rasan-rasan, gawe Pram kesengsem marang Putri. Nganti Pram ngrampungke kuliahe, Putri mesthi ana ndhukung lan nyemangati Pram.
Pirang-pirang wulan wis liwat, akhire Pram bisa ngrampungake kuliahe, lan saiki Pram wis oleh pegawean. Pram sowan bapak lan ibu, sungkem atur panuwun lan njaluk pangapura, awit Pram asring ora manut ngendikane bapak lan ibu. Kabeh mrebes mili, lan ing wektu iku uga, Pram nggawa Putri neng omahe, ngenalake Putri karo bapak lan ibune.
ESTRI WIJI ASIH
10205244019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar