CÊMÈNG
Cariyosipun,
ana anak kucing kang elok rupane, wulune mengkilat kanthi telung macem warna.
Ananging induke elik lan kuru katambahan matane wuta siji. Mula si anak kucing
isin ngakoni ibune. Banjur duwe pikiran luwih apik ngakoni Srengenge kang gagah
lan endah dadi ibune.
Banjur
si anak kucing ngomong karo Srengenge : “Hai, srengenge, kowe bakal takdadekke
ibuku, amarga ing donya iki kowe sing paling gagah perkasa”
“Ana
kang luwih gagah lan sekti tinimbang aku, yaiku awan. Yen awan wes nutupi aku
bakal ilang cahyaku” Wangsulane srengenge.
Si
anak kucing banjur lunga marang awan lan ngomong “Hai awan, kowe bakal dadi
ibuku, merga kowe luwih gagah tinimbang srengenge”.
Awan
mangsuli , “Woi anak kucing, yen kowe golek ibu sing gagah, ana sing luwih gagah
tinimbang aku, ya kuwi gunung. Yen aku cerak gunung mesti ditahan saengga ora
bisa maju meneh”.
Tanpa
kesel si anak kucing lunga marang gunung “Gunung, kowe dadi ibuku ya? Merga
kowe luwih gagah tinimbang awan”.
Gunung
nyaut “Ana meneh sing luwih gagah tinimbang aku cing ! ya kuwi kebo. Yen
wetengku disruduk nagnggo sungune bakal mbrodhol isine awake, mending kowe
lunga marang kebo”.
Si
anak kucing banjur lunga marang kebo, nanging kebo mangsuli “Cing, rotan sing
luwih gagah tinimbang aku. Yen aku wis ditaleni rotan aku ora bisa
ngapa-ngapa”.
Banjur
anak kucing marani rotan, pada karo liyane rotan mangsuli yen wegah dadi ibune
anak kucing merga isih ana sing luwih gagah tinimbang rotan ya kuwi tikus.
“Yendipangan tikus pedhot kabeh awakku”
Si
anak kucing wis ngrasa kesel, ananging tetep lunga marang tikus. “Hai tikus,
kowe bakal takdadekke ibuku merga kowe kewan paling gagah ing donya iki”
Krungu
penjaluke anak kucing, tikus ngguyu ing jero atine karo mbatin “Anak
kucing iki dungu tur umuk. Aku ngerti yen induke wuta lan kuru dadi isin
ngakoni ibune. Pengene aku dadi ibune padahal bangsaku wedi marang bangsa
kucing”. Banjur tikus ngomong marang anak kucing, “hai, anak kucing yen kowe
pengen duwe ibu sing gagah lungaa marang kucing. Kucing luwih gagah tinimbang
aku. Bangsaku wedi karo bangsa kucing”.
Kanthi
rasa kesel si anak kucing kang durhaka kuwi balik marang ibune banjur sujud,
“Dhuh ibu ! kula nyuwun ngapura. Ora ana kang luwih pantes dadi ibuku kejaba
ibuku dhewe. Tampanen aku dadi anakmu bu…”.
Sang
induk kucing banjur nangis seseguken amarga seneng atine, merga anak sing
paling disayang wis balik marang dheweke lan sadar karo salahe. Sang induk lan
si anak kucing banjur urip bagya mulya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar