Halaman

Minggu, 30 Desember 2012

KH Mufid Mas'ud (Pendiri PonPes Pandanaran)

KH. Mufid  lair ing Solo, Jawa Tengah, taun 1928, igi terp kaliyan dinten Ahad Legi 25 Ramadhan. Panjenenganipun putra kaping kalih saking 7 bersaudara. Putra saking Alm. Kiai Ali Mas’ud ingkang sakmenika sampun dipunsareaken wonten ing kompleks makam Golo Paseban Bayat, Klaten.
KH. Mufid nggadhahi latar pendidikan dasar ing Manbaul ‘Ulum namung 5 taun, inggih menika awit taun 1937 dumugi 1942. Lajeng wonten ing taun 1942 ugi, panjenenganipun nyantri wonten ing Pesantren Krapyak, Yogyakarta. 3 tahun saklajengipun,  inggih menika taun 1945, panjenenganipun nglajengaken hafalan Al-Qur’an kaliyan KH.Muntaha ing Wonosobo. Anjuran saking gurunipun saking Klaten, KH Sofyan bilih panjenenganipun saged palakrama kaliyan putri KH. Munawir (pengasuh Pesantren Krapyak), Hj. Jauharoh.

Awit wekdal menika, KH Mufid kalebet salah satunggaling pengasuh Pesantren Al-Munawwir, Krapyak, Yogyakarta. Nanging awit saking menika panjenenganipun taksih ngaji Al-Qur’an kaliyan KH Abdul Qadir lan KH Abdullah Affandi. Lajeng supadon saged memperdalam ilmu-ilmu islam, Panjenenganipun ngaji kitab kaliyan KH Ali Maksum
Awit saking modal Al-Qur’an, pengetahuan keislaman, lan jalinan silaturahmi ingkang matep kaliyan tokoh-tokoh Islam menika, KH Mufid nggadhahi tekad badhe damel pesantren ingkang sakmenika dipunwastani Pondok Pesantren Sunan Pandananaran (PPSPA).

Pesantren menika berdiri ing tanah wakaf ambane 2000 meter persegi,awujud setunggal omah lan mushalla ing sadhuwure. Secara resmi PPSPA jumeneng 17 Dzulhijjah 1395 H, lan trep kaliyan tanggal 20 Desember 1975 M. Peresmianipun dening Sri Paduka Paku Alam VIII, lan dipunsekseni dening Bupati Sleman, Drs. Projosuyoto, saha para tokoh-tokoh agama lan masyarakat.
Awit saking PPSPA, saged dadosaken lingkungan sekitar ingkang langkung sae. Masyarakat sekitar boten namung saged sinau agama kanthi sae, nanging saged ningkataken taraf ekonomi masyarakat sakiwo-tengene pondong pesantren. Amargi, saking kathahipun santri ingkang sinau wonten ing papan menika lingkungan sekitar pesantren ugi langkung rame. Kathah ingkang sami sesadean punapa kemawon awit saking warung makan, toko kelontong, lan sapanunggalane.
Dening: Imam maskur Rahmat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar