Wit Lamtoro nduweni jeneng beda-beda ana ing
ngendi papan, ana sing nyebut Mlanding, Kemlandingan, utawa Petai Cina. Dene
basa Latine Leucaena Glauca Benth. Lamtoro
akeh ditandur masarakat minangka turus ing pager-pager pekarangan, ing kebun
Kopi lan Panili minangka tanduran perindang lan tanduran pupuk hijau. Godhonge
nyirip majemuk, kembange kembang majemuk, wujude bongkol. Tuwuhan iki wohe
arupa wiji, pancen rada pait rasane ananging asipat netral. Saperangan gedhe
bahan kimia kang kinandhut ing antara liya kalsium, lemak, fosfor, zat besi,
protein, sarta vitamin A, B1 lan C. Dene wijine ngandhut mimosin, leukanin,
protein, lan leukanol.
Lamtoro iki
bisa dimanfaatake kanggo obat-obatan. Bisa kanggo obat maneka warna lelara
kayata, obat cacing, kanggo bancarake bebuwang banyu, kanggo balung putung,
susah turu (Insomnia), bengkak,
radang ginjel, lan kencing manis. Oyod tuwuhan Lamtoro iku uga bisa
dimanfaatake kanggo bancarake garapsari mligi kanggo priyayi putri.
Dene resepe
yaiku, kanggo ngobati kencing manis,
sasendok teh bubuk wiji tuwuhan Lamtoro dicom karo wedang panas setengah
cangkir, diudhak nganti rata lan diunjuk nalika isih manget-manget saampase.
Wedang ramuan mau diunjuk satengah jam sadurunge dhahar, loro nganti kaping
telu sadina.
Kanggo
ngobati cacingan, bengkak (Oedem) lan
radang ginjal, kagodhog 3-5 gram
bubuk wiji Lamtoro kang wis garing nganggo secangkir banyu panas, diudhak,
banjur diunjuk manget-manget. Wedang obat iki diunjuk kaping telu sadinane
kanthi dosis kang padha.
Kanggo
ngobati bisul, balung putung, lan susah turu, kagodhog 10 gram kabeh
bagiane tuwuhan Lamtoro nganggo telung gelas banyu nganti mung kari sagelas.
Banjur diunjuk sadina sapisan nalika isih anget.
Dene kanggo
bancarake garapsari yaiku sagegem oyod
tuwuhan Lamtoro kang wis diresiki lan digaringake digodhog karo telung gelas
banyu nganti kari sagelas. Banjur diunjuk, sagelas, kaping pindho sadinane.
Ngaluske
Kulit
Lamtoro
utawa Petai Cina iki nduweni kasiyat
liya yaiku godhonge kang bisa nganggo ngaluske kulit. Resep ramuane yaiku
godhong Lamtoro sing durung tuwa banget sacukupe diuleg utawa dibebek nganti
lembut/alus. Godhong Lamtoro kang wis lembut kuwi mau ditambahi banyu sathithik,
sacukupe nganti nyemek-nyemek. Banjur dibalurake ing kulit lan digosok-gosok
nganti warata. Dienteni nganti sawatara 1-2 menit, banjur disiram banyu nganti
resik. Ditindakake loro nganti telu rambahan saben minggune, lan yen rasa gatel
aja diterusake tegese ora cocok.
Kasiyat
liyane yaiku godhong Lamtoro sing enom dimamah kanggo nambani tatu anyar, lan
who lamtoro sing tuwa banget bisa kanggo lawuh yaiku “bothok”. Sugeng nyoba
resep-resep saka Lamtoro, muga-muga mari saka Kersane sing Maha Kuwasa.
Features_Rizqi
amalia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar