Gunung Wurung iku salah
sijine gunung cilik kang ana ing tlatah Kebumen, penere ing dhusun Parang,
Kecamatan Karangsambung.
Kacarita, ing jaman
biyen ana ing tlatah Kebumen wewengkon Karangsambung iku ana dhusun kang lemahe
rata, ora ana sijia punthukan utawa gumuk ing dhaerah kuwi. Mula, ing
sawijining wengi para sesepuh ing dhusun kuwi padha nglumpuk lan ndedonga marang
dewa ing kayangan, supaya digawekake gunung ing cedhake dhusun kuwi. Panjaluke
para sesepuh kuwi disaguhi dening para dewa, nanging para warga ing dhusun iki
uga kudu nyaguhi panjaluke para dewa kuwi.
Banjur digawe perjanjian
antarane leloron kuwi, yaiku menawa para dewa lagi nggawe gunung kuwi, menungsa
utawa para warga dhusun kuwi ora ana kang kena meruhi. Dina sabanjure para
sesepuh kuwi aweh wara-wara marang para warga babagan pawarta lan prajanjene karo
para dewa supaya ditetepi. “Wara-wara kanggo para warga, supaya mengko nalika
srengenge wis surup, kowe kabeh mlebua ing ngomahe dhewe-dhewe nganti sesuk
srengenge njedhul” mangkono prentahe para sesepuh. Salah sijining warga banjur nyuwun
pirsa, “Nuwun sewu Rama, wonten menapa sejatosipun ing dhusun menika?”
“Para dewa arep
nggawekake gunung ing dhusun iki, nanging ora ana kang kena meruhi anggone para
dewa nyipta gunung mau”, wangsulane sesepuh liyane. Bareng para warga mangerti,
banjur wektu srengenge wis arep surup kabeh warga mlebu ing omahe lan ngunci
lawang. Ora let suwe, para dewa banjur mudhun saka kayangan banjur miwiti anggone
nyipta gunung mau. Panggawean iki diwiwiti kanthi gawe saka-saka kanggo nguwatake
dedege gunung.
Nalika wektu wis ngarepake
pletheking srengenge, anggone gawe
gunung kuwi durung rampung, namung kurang ngurug lemah sethithik saengga mujudake gunung. Para dewa kang lagi nyereg
anggone gawe gunung, dumadakan saka dhusun kuwi ana bocah wadon kang lagi mlaku tumuju ing kali Lukulo kang cedhak
karo panggonan dewa anggone gawe gunung. Nalika mlaku dheweke weruh gunung ing cedhake
kali, lan uga weruh wewujudan kang nggawa watu-watu kanggo nggawe gunung.
Amarga trataben, bocah wadon mau mlayu bali karo bengok-bengok, lan beras kang
digawa kanggo dipususi mabyur ing lemah. Wusanane, para dewa krungu swara
manungsa lan mangerti yen wis ana wong kang weruh gunung kuwi banjur padha
lunga saka papan panggawean lan mandheg anggone gawe gunung lan bali ing
kayangan.
Gunung kuwi durung
rampung digawe, wurung panggaweane para dewa, saengga gunung kuwi banjur diarani
gunung Wurung, lan ing pinggiran gunung kuwi akeh watu-watu werna putih.
Masarakat ing dhusun kuwi percaya yen watu-watu kuwi asale saka beras kang
wutah.
Estri Wiji Asih
10205244019
Estri Wiji Asih
10205244019
Tidak ada komentar:
Posting Komentar