Halaman

Senin, 31 Desember 2012

Asal-usulipun Begalan


Tembung begalan asalipun saking tembung “begal” ingkang ateges ngrampok. Ing Kabupaten Banyumas Begalan inggih menika salah satunggaling seni ingkang dipunwontenaken ing pawiwahan ingkang anggadhahi tujuan kangge nyukani piwulangan dhateng temanten.
Kathah cariyos ingkang nyebataken asal-usulipun seni begalan. Salah satunggaling cariyos ingkang nyebataken asal-usulipun seni Begalan inggih menika cariyos miterat “Babad Banyumas” anggitanipun RMS Brotodirejo, buyut Adipati Aria Martadireja (Bupati Banyumas kaping-17) lan R Ngatidjo Darmosuwondo.
Salajengipun dipunserat malih dening KRHT Drs R Pudjianto Budoyonegoro BA lan Sukrisman.
             Seni begalan kawiwitan saking pawiwahanipun R Ngabei Mertasura, Putra Adipati Mrapat, Bupati Banyumas I kaliyan Rara Warsiki, Putra kaping tiga Demang Gumelem kinten-kinten mangsa 1570-an.  Saderengipun upacara pawiwahan, Ki Demang ngutus telik sandi ingkang dipunpandhegani dening Ki Reka Guna kangge methuk rombonganipun besan. Saking Kadipaten Banyumas uga sami, R Ngabei Mertasura sak rombonganipun menyang Gumelem ingkang dipunpandhegani dening Ki Niti Praya.
Rombongan saking Banyumas mbekta uba rampe ingkang dipunsebat “Sanepa Aji” ingkang ateges sesangoning urip, uba rampe menika panyuwunanipun  calon temanten putri. Ing salah satunggaling papan, rombongan saking Kadipaten kepanggih kaliyan utusan saking Gumelem. Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya padha-padha mboten nyebataken nama lan jati dhirinipun. Dados telik sandi, Ki Reka Guna mboten kersa menawi wonten tiyang ingkang mboten dipunmangertos mlebet ing wewengkonipun. Nanging Ki Niti Praya meksa mlebet ing kademangan Gumelem amargi dipunsukani amanat saking Adipati Mrapat. Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya sami ngotote banjur ndadosaken adu ngelmu antawisipun Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya. Nanging telik sandi kasebat sami kadigdayanipun saengga mboten wonten ingkang menang utawa kalah. Teras temanten kakung ngendika menawi piyambak lan sak rombonganipun menika rombongan saking kadipaten Banyumas ingkang badhe tumuju ing Gumelem kangge krama kaliyan putranipun Demang Gumelem. Mireng pangandikanipun temanten kakung menika, telik sandi saking demang Gumelem teras nyuwun pangapunten dhateng rombonganipun Ki Niti Praya. Ki Reka Guna ngendikan menawi piyambakipun menika telik sandi saking Gumelem kangge methuk rombongan saking Banyumas.
Pungkasanipun Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya rangkulan sami nyuwun pangapunten awit kaluputanipun. Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya ngendika menawi kekalihipun badhe dados sadherek kados kaluwarga piyambak dumugi putra wayahipun. Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya uga ngendika, putra keturunanipun menawi mantu utawa mbesan supados ngawontenaken upacara ingkang dipunsebat seni “begalan”. Salajengipun Ki Reka Guna lan Ki Niti Praya nyukani nama papan kangge adu ngelmu menika dipunsebat Kanding. Kanding inggih menika salah satunggaling nama Desa ing Kecamatan Somagede. Letakipun Kecamatan Somagede piyambak antawisipun Kadipaten Banyumas kaliyan Gumelem.



Dening   : Rendy Ari Baktiar
NIM      : 10205244025

Tidak ada komentar:

Posting Komentar