Halaman

Selasa, 04 Desember 2012

Masarakat Kudu Waspada


Kulonprogo–Tumapak mangsa rendheng, warga masarakat bantaran Lepen Progo supados nikelaken kawaspadan dhateng tumempuhing bena ladhu. Bab kasebat dipun telakaken dening Untung Waluyo, Kepala Badan Penanggulangan Bencana Daerah Kulonprogo, nalika ngestreni Pelatihan Peningkatan Kapasitas Tim Reaksi Cepat (TRC), ing Wild Life Rescue Center, Dusun Paingan, Desa Sendangsari, Kecamatan Pengasih, Kulonprogo, dinten Selasa (20/11) enjing.
Masyarakat ing bantaran Lepen Progo, kaajab nikelaken kawaspadan, menawi dumados jawah deres ing Kabupaten Sleman, mliginipun ing puncak Redi Merapi, awit sedaya lepen ingkang tukipun saking Redi Merapi mutowatosi tumempuh bena ladhu. Bab kasebat dipun andharaken dening Untung Waluya, Kepala Badan Penanggulangan Bencana Daerah Kulonprogo, nalika ngestreni pelatihan peningkatan kapasitas TRC, ing Wild Life Rescue Center, Dusun Paingan, Desa Sendangsari, Kecamatan Pengasih Kulonprogo. BPBD Kulonprogo sampun nyamektakaken maneka bantuwan ingkang dipun betahaken kangge mbiyantu warga, menawi katempuh bena ladhu.
Kangge ngawekani tumepuhing bena ladhu, ilenan irigasi Kalibawang, sampun dipun resiki lan dipun keruk, supados menawi dumados bena ladhu boten luber dhateng pasabinan lan ugi griyanipun warga ing bantaran Lepen Progo.
Dene wonten ing Kabupaten Sleman sinaosa sampun asring jawah, nanging saperangan warga ingkang mapan ing Huntap Pagerjurang, Desa Kepuhharjo, Kecamatan Cangkringan Sleman taksih kangelan nyekapi kabetahan toya resik. Ngantos samangke warga taksih nanjakaken ilenan toya saking tuk ing Lepen Kuning, kanthi ngginakaken pipa. Nanging bab kasebat dereng saged nyekapi kabetahan toya kangge 301 KK, ingkang mapan ing huntap kasebat.
Wiwit mapan ing Huntap Pagerjurang sawetawis wulan kapengker, ngantos samangke saperangan warga Huntap Pagerjurang, taksih kangelan nyekapi kabetahan toya resik. Warga taksih nanjakaken ilenan toya saking Lepen Kuning, ingkang dipun ilekaken lumantar pipa-pipa. Sinaosa makaten ilenan toya punika dereng saged lumintu, awit asring pejah sadanguning kalih dinten. Udi Sihono warga Kaliadem, nelakaken bingung menawi ilenan toya pejah. Awit saking punika warga huntap badhe nandho toya menawi ilenan toya nedheng mili, utawi kepeksa ngangsu dhateng suimuripun warga sacelakipun huntap.
Straight News_Rizqi amalia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar