Halaman

Minggu, 30 Desember 2012

DIARY WADI



Biasane yen es eyup sekitar jam 2 awan, Wadi pit-pitan nyangking sak karo cengkrong, nyawang sawah pinggir dalan golek-golek suket sing mayar disusuki. Matane Wadi mecotot ndeleng wit guedhi banget nang kulon protelon kulon desa. Wadi mbatin jane iki ki wit opo to? Wit ceplukan yo ra mungkin gedhene semene, nek wi talok kok awohe ra iso dipangan? Ndelalah Wadi nemu suket sing ketele nyumringahke sapine sing lagi kaliren nang kandhang. Wadi njur gage mudhun seko pit, ngerit suket sing nang ngisor wit gedhe kui mau kero cengar cengir mbayangke umpama sapine iso ngomong mesthi muni “Matur sembah nuwun lho boss… sukete serasa pizza”.
Wadi nyauri “Ojo njeluk aku boss to om, aku lanang mlarat yo mending diceluk RM”. RM opo boss?” Raden Mas nuh…Mosok Remukan Manggleng. “Wooo…..Oke den….
Sauntarane setengah jam, ra krasa Wadi es nyusuki suket akeh, njur diwadhahke sak, nganti muncuk-muncuk ora amot, yen disawang rodo adoh, sake koyo drim dipayungi. Wadi muleh njujug kandhang, niliki sapine sing lagi meteng kui sisan ngebyuki pakan sing dirit mau. Ora lali sedurunge muleh, Wadi ngracik polar, uyah karo banyu sumur gawe komboran ben sapine ora busung lapar kurang gizi.
Makani uwis…ngombor uwis….saiki mulih dhisik, ngashar, bal-balan, muleh, adus, maghrib, madhang sambi nupi, isya’, sinau njur turu. Sapine ngglenik le mangan tanpa nggatekne Wadi ngomyang dhewe.
By….by my sapi….aja kangen aku yo.!!!sesuk esuk aku rene neh eje. Muach..muach….hahahaha… Wadi ngakak dhewe sajake uteke kurang seprapat.
Wadi muleh wisuh, wudhu njur ngashar. Ealah,, pas shalat ki pikirane wadi tekan ngendi-ngendi, malah mikir sapine, bal-balan kudu ngegolke, ndi le mikir wit gedhe.
Miturut jadwal sing wis digawe Wadi, saiki wayahe bal-balan. Pas arep mangkat, bapakne muleh glidik nyangking beton godhok. “Kresek menawan kui isine opo be?” Beton le..”Tak nggone sangu nang ndalan sak tekem yo?” Lhambok nggegem le…
Nang ndalan ki Wadi ngglenik ngonceki beton godhok.”Oalah ton-beton…rupamu ra enak disawang, le ngonceki suwe, gur nylilit, tur kowe ki jimatku je ton, nek ra eneng kowe, ra bakal iso nyetak gol.” Oalah di-wadi…beton kok dijak ngomong. Sansoyo gemblung Wadi ki.
Tekan lapangan pas banget etone entek. Koyo biasane, sempritan rampung bal-balan ki adzan maghrib. Wadi langsung terjun CS karo bocah RT 1. Masalahe iki antar RT, pemuda RT 1 cah pitu, RT 2 cah sanga, Wadi straiker dewe, bal langsung ditengahi. Nanging Wadi ra tau oleh oper seka pemain mburi. Yo maklum, RT 2 eneng sing katut PSS Junior, dadi yo fasih le ngulitke bal. wadi tetep santai wae, njagakne jimate kui mau beraksi.
Wis setengah jam akhire krasa yen jimate wis aktif lan gari diluncurke. Saben bal kecandhak pemimpine RT 2, mesthi Wadi sing ngrebut, carane yo mayar banget ki, mung njejeri nganti muni suara ThiiiiiIIIIT seka kempitan semangka sigar, langsung ngeculke bal sing digiring. Wadi langsung nggiring bal sing ngangur kui nuju gawang musuh. Carane yo mung ngono kuwi nganti bijine imbang. Ndelalah pas bijine imbang ki krungu bedhug pratandha wis meh adzan maghrib. RT 2 gage nengahi, njur ditendhang langsung nuju gawang. Gooooollll…!!!!. Wajar yen iso gol seka tengah, njak lapangane we sak lapangan voli je. Wadi langsung tratapan mbingungi dhewe, “ Wadhuh….amunisiku malah entek….jiaaannnn..cilaka mencit iki…nek tak giring, wektune ra cukup,tur nek tak langsung, tendangan jarak jauhku keampuhen,wedi kipper ra iso turu.” Tinimbang ngulu isin, sidane bal kuwi ditengahi njur dilangsung seka tengah. Kipere terus njumbul sak kuate ben iso nepis bal sing buantere ra mekakat. Ladalah..ra kecandhak. Pruooookkkkk…!!!! Kena gawang, gawange ambruk. Karang le gawe gawang seka pring gabuk. Pas banget karo adzan maghrib. RT 1 kisinan. Nanging wadi tetep percaya bakal iso ngalahke RT2 angger bapakne nggawa beton luwih akeh.
Bubar, Wadi muleh, ngasatke kringet, njur lagi adus. Pas ngisis nang sandhing bapakne, wadi kelingan wit guedhiiii bhuanget sing gawe penasaran. “ Be-babe…ngerti wit gedhe nang kulon protelon kulon desa kae po ra?”Takon karo tudhang-tudhing. “Yo ngerti le..barang wit gedhene sak lholhang ko ngono je..piye to kowe ki?mung wong wuta sing ra weruh nek nang kono eneng wit.” Whelah, babe ki malah ngejak gelut.!! maksudku udu kuwi be..kae ki wit opo kok iso gedhene semono. Maune ki tak kira wit talok je be, tur kok wohe ra iso dipangan.”Yo jelas ra iso dipangan le, wong kae ki wit randhu, otomatis awohe kapuk. Nek tok pangan paling yo lambemu klemat-klemit. Ojo turut kono lho le..papan wingit sing akeh wujud ora ketok.” Ra ketok piye maksute pak? Nek ngobrol ki mbokya sing cetha!!akeh memedine ngono po piye?” iyo le..mbiyen tau kedadean wit kae ditegor, esuke bali jumeneng nang papan kae koyo maune, blas ra eneng tipak tegoran, lecet we ora je le.Krungu kabar sing negor ki mati kabeh.” Wheh be.!!nek ngendika aja sembrana be!!tak pangan dhewe lho njenengan niku.!!” Ora yo le, aku ngomong padha persis karo opo sing mlebu nang kupingku.” Wadhuh be…sapine ngko keguguran ra iki? Mau ki aku ngarit nang ngisor wit kui je.” Nanging kowe lak ra duwe niatan ngganggu to le?” yo oral ah be,,aku we ra ngerti nek kono papan wingit kok.”Nek ngono yo rasah wedi le. Ra niat ngganggu yo ra bakal diganggu.” Tenane be? Tak cekel pangandikanmu lho be.! Aku wedi tenan je.”Sante to le…..Wis gek adus kono, ndang maghriban.
Wadi ngadeg njur njupuk anduk, byar byur byar byur..wayahe sabunan ra wani merem, wedi kebayang memedine kui bedungul nang ngarepe pas melek, byar byur byar byur,. Jane Wadi ki adus po nguras kolah kae ki?”Bapakne nggrememeng dhewe.
Bar metu kolah, nyandhang, wudhu, shalat, madhang nyambi ndelok tipi sing akeh semute lagi do padu. Bar madhang, pencuci mulute nganggo beton turahane mau. Krungu adzan isya’, Wadi mateni tipi, ngadeg, wudhu, shalat. Bar kuwi lagi bukak buku paket Sejarah, ra sengaja mbukak halaman sing isine nggon bom nuklir Hiroshima-Nagasaki. Dadi mbayangke roh arwak korban bom kuwi gentayangan, reti-reti le mbayangke mraman tekan wit randhu kuwi.” Semprul..!!!! malah mbayangke sing ora-ora, jane ki mbayangke sing ayu-ayu kanggo sangu turu, malah dadine koyo ngene. Marai prindang-prinding.! Berrrr..!!!!!!!
Langsung nutup buku, nglekar nang kamar, ngrudhuk kemul, nek rung esuk, ra wani mbukak kemul.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar