Gunung
Slamet kuwi gunung sing paling dhuwur nang Jawa Tengah. Akeh wong kang seneng
munggah gunung Slamet amargi gunung slamet kuwi duweni pemandangan sing apik.
Ewa semanten gunung Slamet uga duwene cariyos kang mistis. Akeh cariyos-cariyos
lelembut sing manggoni alas ing gunung Slamet.
Aku karo kanca-kancaku duwe rencana
arep munggah gunung Slamet. Kanca-kancaku kuwi sing rep munggah gunung jenenge
Imam, Yordan, Toni, Sukris, Nikri, Oyon.
Munggahe gunung wis direncanakna dina setu nganti dina minggu. Kabeh kudu nggawa kabetahan pribadi dhewe-dhewe. Setu esuk, aku sak kanca padha kumpul nang omahe Imam. Ngecek barang-barang lan kabetahan sing digawa munggah gunung. Barang-barang lan kabetahan kuwi kudu disiapke kanti mateng, ora kena sepele apa meneh asal-asalan nggawa barang.
Munggahe gunung wis direncanakna dina setu nganti dina minggu. Kabeh kudu nggawa kabetahan pribadi dhewe-dhewe. Setu esuk, aku sak kanca padha kumpul nang omahe Imam. Ngecek barang-barang lan kabetahan sing digawa munggah gunung. Barang-barang lan kabetahan kuwi kudu disiapke kanti mateng, ora kena sepele apa meneh asal-asalan nggawa barang.
“Ren,
kie rep mangkat jam pira?” Imam takon marang aku.
“Mangkat
siki bae apa? Kie wis jam 2 sore, mbokan kewengen gutul base camp.” Aku nyemauri pitakonane Imam. Kanca-kancaku wis siap
manjat gunung, kabeh perlengkapan dilebokna nang jero tas. Banjur aku karo kanca-kancaku siap-siap
nguripke motor, tas uga uwis digendhong. Aku karo kanca-kancaku mangkat maring
base camp utawa pos pendakian gunung slamet sing nang bambangan kabupaten Purbalingga.
Sedawane dalan, aku lan kanca-kancaku wara-wiri mandek amargi sering salah
dalan, nyasar-nyasar padahal kuwi isih neng dalan kota. Jebul kancaku ora patia
apal dalan maring pos pendakiane.
Tekan
pos pendakian wis jam 5 sore, nang pos pendakian aku lan kanca-kancaku liren-liren
sikek. Nang kana uga nyiapke perlengkapan meneh, ditata ben kepenak digawa. Ora
krasa wis jam 7 wengi, aku sak kanca wis siap mlaku munggah gunung ngliwati
alas. Aku uwis nyekel senter, kancaku uga uwis nyekel senter dhewe-dhewe, tas
uga uwis digendhong. Aku lan kancaku banjur donga supaya pendakian iki ora ana
hal-hal sing ora dikarepke.
Sing
mlaku nang ngarep ya kuwi Imam karo Yordan, amargi Imam karo Yordan sadurunge
wis tau munggah gunung slamet. Aku karo kancaku sing liane ngetutke neng mburi.
Mlaku manjat kesel banget, tas sing digendhong uga abot, abote ana 5 kilo, nang
pundhak krasa lara banget. Paling mlaku nembe 200 meter wis nemoni dalan
cawang. Imam milih dalan sing meng tengen, tapi yordan palah duweni pendapat
sing beda, menurute Yordan dalan sing bener ya dalan sing maring kiwa. Imam
karo Yordan jebul kelalen dalan sing bener kuwi sing endi. Sidane jupuk
panemune Yordan ya kuwi menggok dalan sing maring kiwa. Aku lan kanca-kanca
mlaku terus, ngliwati alas, wit-witan kang isih gedhe-gedhe, pokoke medeni
banget. Wis mlaku sak jam suwene, Imam krasa beda dalane, tapi Yordan tetep
ngeyel nek dalan kuwi bener.
Mlaku
sak jam wis padha kesel, Imam mutuske liren sikek. Nanging lirene ora suwe,
amargi nek liren suwe kuwi bisa kadhemen neng kono. Banjur Imam ngongkon mlaku
meneh, Imam sakjane wis krasa yen dalan sing diliwati kuwi dudu dalan sing
biasane nggo munggah gunung nang wong-wong liane. Dalan sing diliwati iki akeh
jebakan celeng, lan akeh wit-witan sing rubuh nang tengah dalan.
Aku lan kanca-kancaku wis mlaku 3 jam suwene, jebul
dalan kuwi namung tekan ngingsor wit gedhe, kuwi wis dalan buntu, ora bisa
diliwati meneh. Imam kemutan yen sedurunge wit gedhe kuwi ana dalan sing beda.
Aku sak kanca banjur mbalik nggoleki dalan sing dimaksud Imam, dalan kuwi
ketemu nanging dalane cilik. Nek sing tekan wit gedhe dalane belok kanan, lha
kuwi dalan sing belok kiri. Aku sak kanca nyoba dalan sing belok kiri, ditutke
terus dalan kuwi. Jebul dalan kuwi ya padha wae tekan wit sing gedhe mau. Neng
kono padha wedi kabeh, mrinding, bingung, lan duweni pikiran sing ora-ora.
Imam
langsung ngomong nek dhewe kudu lunga sing adoh seko wit sing gedhe kuwi.
Banjur padha mudun mbalik meneh, mlaku ngadohi wit kuwi mau. Neng tengah dalan
ngaso sikek. Cah-cah padha wedi kabeh, bingung lan duwe pikiran sing ora-ora.
Aku sak kanca sadar nek dhewe diubeng-ubengke nang lelembut sing nunggoni alas.
Aku lan kanca-kancaku jagong suwe neng kono, nenangke pikiran, donga muga-muga
bisa metu seko alas gunung slamet.
Pikirane
aku sak kanca wis tenang, banjur mlaku mudhun gunung meneh, mbalik neng pos
pendakian. Nanging ing sakdawane dalan aku sak kanca krasa ora tekan-tekan.
Krasa isih diubeng-ubengke. Aku sak kanca tetep mlaku mudhun terus, Imam niliki
jam, saiki wis jam 4 isuk, sedela meneh adzan subuh. Kabeh donga muga-muga bisa
krungu adzan subuh. Yordan kemutan nek pos pendakian cerak karo mesjid.
Alhamdulillah, pas adzan subuh kabeh krungu, banjur mlaku meneh mudhun luwih
semangat. Ora suwe banjur ketemu dalan metu alas, aku sak kanca nembe bisa
ngguyu krasa bungah bisa metu seko alas gunung Slamet. Jebul aku sak kanca
mlakune wis salah kawit awal, yaiku kawit dalan cawang sing diributke nang Imam
karo Yordan.
Dening : Rendy Ari Baktiar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar