Halaman

Kamis, 27 Desember 2012

Mula Bukane Jeneng Kutha Bumiayu


Mula Bukane Jeneng Kutha Bumiayu
Mula bukane carita iki yaiku saka lelampahane Sunan Amangkurat I lan wadya balane kang nduweni tujuan nylametake uripe dheweke saka kahanan kawrat amarga ana pamberontakkan ana ing kerajaane sak uwise Ramane nilar donya. Lelampahan Sunan Amangkurat iki dikawal karo prajurit-prajurite. Rute lelampahane yaiku saka Kedu-Banyumas-Tegal lan mengkone arep mampir ana ing Kadipaten Carbon utawa Caruban utawa Cirebon.
Mlebu ana ing desa kang jenenge Desa Daha, mbuh kena apa jaran kang narik kreta kencanane Sunan Amangkurat iki lemes banget, nglumpruk, lan ora let suwe mati. Nelangsa banget ati Sunan apamaneh Kyai Pancurawis kang wis ngrasa seneng banget marang jaran kuwi. Kyai Pancurawis kuwi wong kapercayaane Sunan Amangkurat kang dadi sisihane menyang endi wae Sunan nglampah. Karo rasa nelangsa banget jaran kae dikubur ana ing desa kang jenenge Desa Langkap, desa iki sebelahan persis karo desa Daha.
Sak uwise ana kadadean kaya ngono kuwi, Sunan sadar menawa dheweke wis luput nindakake amanat minangka Sultan Mataram saka Rama lan sanak kaluwargane ana ing kasultanan Mataram. Sunan Amangkurat wis ora duwe sapa-sapa maneh kajaba Allah SWT lan para prajurit kang tansah ana ing sisihe nerusake lalampahane. Dene Kyai Pancurawis ora melu nerusake lalampahan karo Sunan amarga dheweke pengin ngrawat kuburane jaran klangenane mau ana ing Desa Langkap kuwi nganti tekane Malaikat Jibril nyabut nyawane.
Gambar Candi Pancurawis
Gusti Sunan dadi ora nduweni greget nganggo nerusake lalampahane amarga Kyai Pancurawis ora melu. Siji-sijine kekarepane Sunan saiki yaiku pengin ketemu karo wong kang bisa ngobati atine lan bisa nglurusake uripe dheweke.
Ana ing dalan, satleraman Sunan ndelengi ana sakiwa tengene. Gunung Slamet katon gagah prakasa kang diubengi bukit-bukit. Dene ana ing lereng gunung kuwi taneman pari kang amba banget ndadekake panorama kang endah lan nengsemake. “Tlatah iki kang isih kalebu ing kakuasaan pamerintahan Mataram,” mengkono pikire Sunan. Awit saka rasa gumun Sunan marang kaendahan tlatah kuwi mau, Sunan ngwenehi jeneng Bumiayu.
Ing Bumiayu iki, Sunan Amangkurat ketemu karo wanodya kang ayu banget lan nemsemake ati Sunan. Sunan terus usaha supaya bisa ketemu karo wanodya ayu mau. Nanging saya cepet Sunan usaha nganggo nggape wanodya kuwi, saya cepet uga wanodya mau ilang saka dheweke. Nganti Sunan tekan ana ing tlatah wanodya ayu mau ngilang tanpa ninggalake bekas. Kaget banget Sunan ngerti kadadean kuwi. Wektu semono, ujug-ujug ana suara tanpa ana wujud manungsane. Suara kuwi ngomongi Sunan supaya Sunan tansah ndonga, lan cedhak karo Gusti Allah SWT. Sunan kudu nuju ngalor, dudu ngulon kanggo nerusake lalampahane. Ana ing ngisor wit weringin gedhe Sunan katon lesu banget karo nyadari kaluputane.
Tlatah kuwi mau saiki jenenge Dukuh Kramat kang nduweni teges wingit utawi angker lan ana Candi Kramat kang dipercaya masarakat neng kono kuwi omahe Nyai Rantansari ya wanodya ayu kang wis gawe kesengsem ati Sunan.
Gambar Candi Kramat
Nyai Rantansari uga kang ndadekake Sunan Amangkurat ngwenehi jeneng Bumiayu amarga ayune Nyai Rantansari kang ora ana tetandhinge kang nguwasani tlatah kuwi.
Dening: Rizqi Amalia.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar