Penyakit
abot sing nggrogoti bangsa Indonesia iki ana telu, yaiku teroris, narkoba lan
korupsi. Telu-telune ora ana sambung
rapete, nanging akibat saka kuwi yaiku gawe rusak, gawe resah lan gawe
ora tentreme masarakat Indonesia. Wektu lan beya milyaran, triliunan sing
mesthine bisa kanggo mbudidaya kemajuan lan mbangun bangsa mung muspra entek
kanggo mbrasta penyakit telu kasebut. Nanging penyakit kuwi mau ora saya suda,
malah saya njamur.
Kanggo
mbrasta teroris, pemerintah ndhapuk Densus
88 Anti Teror Kepolisian sing
tansah bisa kanthi cekat-ceket mburu lan nangkep sapa wae lan ing papan ngendi
wae para pelaku teror, sarta ngungkap jaringane, uga modus sing nyurung marang
tumiundak teror kuwi.Sejatine, para anggota Densus 88 Anti Teror kuwi uga
ngadhepi resiko sing ora entheng, yaiku n
Nyawa. Kasile uga ora tanggung-tanggung, Densus 88 Anti Teror iki wis sering nangkep teroris kang ana ing Indonesia iki kayata, wektu ngudhal jaringan teroris sing gerake ing Solo lan Karesidenan Surakarta kang ana sesambungane karo teroris ing dhaerah-dhaerah sa Indonesia kalebu ing Poso Sulawesi Tengah. Nanging kasunyatane, gerakan teroris isih wae ana terus.
Nyawa. Kasile uga ora tanggung-tanggung, Densus 88 Anti Teror iki wis sering nangkep teroris kang ana ing Indonesia iki kayata, wektu ngudhal jaringan teroris sing gerake ing Solo lan Karesidenan Surakarta kang ana sesambungane karo teroris ing dhaerah-dhaerah sa Indonesia kalebu ing Poso Sulawesi Tengah. Nanging kasunyatane, gerakan teroris isih wae ana terus.
Kanggo
mbrasta panyebaran narkoba, pamerintah ndhapuk Badan Narkotika Nasional (BNN) minangka bebadan sing nanggulangi
sumebare panyalahgunaan narkoba. Ana ing kalangan Kepolisian uga ndhapuk polisi mligi kang tugase menehi panyuluhan
kanggo njaga aja nganti para generasi mudha njegur ana ing donya narkoba kang
mbebayani. Uga nduweni wewenang nangkep sapa wae sing konangan nggunaake utawa
nyebarake narkoba. Wis akeh pangguna, pangedhar, pangusaha lan panyelundhup
narkoba kang wis mlebu kunjara amarga ngonsumsi, ngiderake, lan mrodhuksi obat
haram kuwi. Nanging nyatane masarakat isih wae akeh kang remen karo narkoba
kuwi, mangka akibat saka narkoba bisa nglumpuhake gegayuhaning bangsa.
Pamerintah
mbrasta korupsi karo bebadan kang diwastani Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK),
tugase mligi ngurusi perkara korupsi sing gedhe-gedhe. Sapa wae sing korup
nyelewengke dhuwit rakyat nganggo kepentingan pribadhi, bakal nduweni urusan
karo KPK. Korupsi akeh-akeh katindakake dening Pejabat Negara utawa Pegawai
Negeri Sipil, mula ing kalangan eksekutip wae. Nanging saiki wis sumrambah ing
kalangan legislatip lan yudikatip. Kalangan legislatip sing kudune ngawasi
eksekutip, jebul malah prelu diawasi. Samono uga yudikatip sing kudune ngadili
jebul malah prelu diadili. Malah KPK dhewe kaya arep digawe ringkih karo DPR
kanthi wewenange ing babagan netepake lan revisi UU KPK, lan liwat Kepolisian
kanthi prastawa cecak lawan baya. Mangka menawa pambrantasan korupsi gagal, ora
bisa digambarake kepriye mengko kadadeane yen rakyat bakal padha nesu lan
ngatokake kakuatane.
Telung
penyakit kaya mau kudu ditanggulangi, dibrasta, lan diilangi. Kudu ana semangat
kanggo mbrasta penyakit telu kuwi, prelu digugah terus aja nganti
dialang-alangi supaya luwih kasil tinimbang sing wis katindaake saiki. Kanggo
generasi panerus bangsa, aja nganti nuladhani tindakan-tindakan ala masarakat
kang wis kajangkit penyakit telu mau. Sing becik, yaiku kudu mbrasta teroris,
narkoba, lan korupsi kuwi.
Opini_Rizqi
amalia
Tidak ada komentar:
Posting Komentar