Halaman

Sabtu, 01 Desember 2012

Pengetan Sumpah Pemuda ing Alun-Alun Kebumen



Siswa-siswa SMA tumuju ing alun-alun Kebumen
Kebumen - Saben Minggu esuk ing alun-alun Kebumen rame wong-wong padha jogging utawa mung padha mlaku-mlaku lan sarapan bubur ayam. Nanging ana kang beda nalika dina Minggu (28/10) wingi. Akeh bocah sekolah mlaku tumuju ing alun-alun nganggo sragam OSIS, uga ana kang nganggo sragam Pramuka. Dina Minggu iku ngepasi upacara pengetan dina Sumpah Pemuda kaping 84. Upacara kang diwiwiti jam 08.00 esuk kuwi sing melu siswa-siswi SMP lan SMA, uga ana mahasiswa, KORPRI, Organisasi Pemuda Pancasila lan para atlet.

Upacara pengetan Sumpah Pemuda ing alun-alun Kebumen

 Gregete pengetan Sumpah Pemuda dina kuwi krasa banget nalika sadurunge upacara keprungu lagu-lagu nasional saka pengeras suara. Ewadene ing sapinggiring alun-alun lagi akeh wong kang dolan karo kulawargane, nanging upacara tetep kaleksanan kanthi khidmat. Malah ana kulawarga sing teka ing alun-alun kuwi sajake arep nonton upacara merga ana anake kang lagi melu upacara.
Upacara wektu kuwi katekan tamu undhangan kaya dene pejabat-pejabat Pemda, pembimbing atlet, lan uga Sekretaris Daerah yaiku H. Adi Pandoyo, SH, M.Si, minangka pembina upacara. Ana ing upacara kasebut diwacakake sambutan tertulis saka Menteri Pemuda dan Olahraga, Bapak Andi Mallarangeng. Dheweke paring pesen supaya para mudha nggunakake kemandhirian lan kreativitase kanggo mbangun bangsa lan tetep njunjung Pancasila lan netepi UUD ’45, bab kasebut bisa diwujudake liwat kewirausahaan. Ing pungkasane upacara, ana uga kang ora biasa, wektu kuwi ana acara tambahan yaiku pasrah penghargaan kanggo para atlet mudha kawit tingkatan Sekolah Dasar nganti tekan Sekolah Menengah Atas kang berprestasi lan nggawa jenenge Kebumen.

Estri Wiji Asih
10205244019

Tidak ada komentar:

Posting Komentar