Dongeng
Sak
omah sing paling nelangsa dhewe, wedhus Prucul. Saben dina dicecenggring dening
kakange bagus, ulese putih sutra.
“Wis
saiki ngene wae kang. Si Prucul kae dijak nyang alas wae. Upama mengko ana wonk
mbeburu, ben dipakakake wae. Piye? Si Tama, wedhus ules putih ngandhani marang
tamat, wedhus mbarep. Kandhane klesik-klesik amrih ora keprungu dening prucul.
“Ya, aku sarujuk. Jeneh si Prucul kae mesthi dimanja dening bapak. Yen rupane apik mono, lha wonk njeginggis. Tur meneh beda karo awake dhewe ta? Awake klimis, kulite putih resik-resik. Uh … Prucul kae jan embuh kok, wis awake busik tur keset barang. “ Tamat nyetujoni. Kakangne loro nedya maeka Prucul. Prucul dhewe during ngerti nalika diajak menyang alas. Ora melu yen sejatine awake bakal dilorobake. Mulane ya mung kinthil, neburi kakange. Tanpa was-was babar pisan.
“Iki
arep menyang ngendi ta kang? Aku lempoh tenan yen kon mlaku meneh. Trima
ndheprok wae.” Prucul nyela nalika kakange iggli napakaken sikile, dadi mandheg
sawetara.
“Wis
cekake manut aku. Kae lho, mengko ing tengah atas okeh panganan. Suket sing
ledhung-ledhung, kari milih.” Prucul ngenut wae. Ora ketang sak cuwil uga tuwuh
rasa ora kepenak. Marga saya maju, kang diambah lewat gegrumbulan rungkut,
medeni. Sakiwa tengene tawing lan jurang njinggring.
“Upama
tak glodhagake njurang kene we jane ya terus tamat.” Batine tamat sinambi
namatake angkere jurang.
Tekang
sabrang kali, Prucul loyo. Nglempurug! Kakangne loro tetp njiyat Prucul. Sing
digendeng-gendeng meksa nggleyot.
“Aku
dicengklak, sikil ku meh thoklek tenan ki!” Prucul ngledhot marang kakangne.
Tamat mlalahi nyengklak.
Wektune
saya nggremet. Meh nganti surup kewan telu during mendheg. Sing dituju alas gung
liwang-liwung. Alas suwung. Alas sing kekayone isih wutuh, gedhe-gedhe. Mung
ocehe manuk alasan wae kang kober tetembangan ing papan kono.
“Sssttt…!”
Ing alas kono ana tukang mbeburu longo-longo. Nganti sak awan dheg ora oleh
kewan. Karo nggembol ati ndhongkol, leren. Srengenge wis angrem kangeten. Katon
saka sela-sela ning wit, ana wedhus telu seger-seger.
“Wah
kebeneran kiye.” Tukang mbeburu menyat. Wedhus telu nedya dicekel. Nanging
wedhus sing tuwa dhewe sajak waspada. Krungu kleseting manungsa, kaya tanpa ana
sing mrentah, dha mlayu nusup ing grumbul ketel. Tukang mbledig terus, nganti
ora ngetung bebaya.
Swasana
alas remeng-remeng. Rembulan cap katon cap ora. Ketutupan mendhung tipis.
Tukang mbeburu ngoyak terus. Playune Tama lan Tamat nyengklak Prucul nggendring,
kebet. Tamat tuwuh niate sing ala. Prucul nedya ditibakake, amrih dicekel
tukang mbeburu.
“Athoooo...”
Prucul glangsaran, njur nlusub ing grumbul. Ora katon marga rupane ireng.
Memper karo watu-watu ing kiwa tengene. Tukang mbeburu thilak-thilek. Meh wae
kelengan enggok.
“Mandheg…
mandheg…, lowung tak cekel urip-uripan apa malah tak cobrot pring pisan…”
Prucul isih usap-usap sirahe kang kelaran. Atine dheg-dhegan weruh tukang
mbeburu liwat ngarepe karo nyuara lantang. Untunge tukang mbeburu ora weruh.
“Haaa…
ahhh… untung aku rupane ireng, upama putih ngono mesthi katon yen mung
kaling-kalingan kaya ngene iki.” Gedumele Prucul karo nginjen tukang mbeburu
sing keponthal-ponthal ngoyak Tama lan Tamat.
Suwe-suwe
Tama lan Tamat lempoh. Playune nggleyori. Tukang mbeburu saya cedhak. Tama lan
Tamat klakon dipikut, dicoblos granggang pring. Mrodholllll!! Gladrahan getihe,
ususe molor. Tukang mbeburu klokon bali nggawa iwak. Saka kadohan Prucul weruh
tukang mbeburu mikul Tama lan Tamat, wis ngepleh-epleh, sumedhot. Ora bisa
tumindak apa-apa. Mung tangis lan gresah wae kang kawetu.
Niate
Prucul arep bali, wadul marang bapakne. Nanging petenge saya nduleg. Rembulan
dadi ketutup mendhung kandel. Prucul kandheg, mogok-mogok ora ngerti lor kidul.
Tamat.
Nama: Rizqi amalia
NIM: 10205244036
Kelas: G/ semester 5/ 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar