Pahlawan tanpa tanda jasa, istilah menika ugi kasandhang dening tiyang estri ingkang nama Estiningtyas Utami, minangka guru ing Taman Kanak-Kanak Condrorini, Klegenwonosari. Ibu Esti, menika miyos ing Kebumen, 16 Juli taun 1962. Sanajan samenika sampun yuswa 50 taun, nanging panjenenganipun taksih kagungan greget kangge mucal lan mbimbing putra putri bangsa supados saged dados tiyang ingkang migunani tumrap agami, bangsa, lan nagari.
Panjenenganipun leladi kangge negari wiwit taun 1984 dados guru wiyata bakti lajeng kaangkat dados PNS nalika taun 1989, mucalipun ing Taman Kanak-Kanak Panti Siwi Utami Klegenrejo dumugi taun 1996, lajeng ngalih wonten ing Taman Kanak-Kanak Condrorini Klegenwonosari taun 1996 dumugi samenika.
Ibu Esti
menika dipuntresnani sanget dening murid-muridipun, kanyata nalika
dipunpanggihi ing sekolahan ing wekdal istirahat,
katingal murid-muridipun caket kaliyan panjenenganipun, menawi panjenenganipun
saweg cariyos, murid-muridipun sami nggatosaken, ugi wonten ingkang wantun
taken kanthi lugu. Ingkang
nyenengaken malih nalika bibar sekolah,
murid-muridipun ngantos sami rebutan namung kangge salaman kaliyan gurunipun
menika.
Guru
menika kangge digugu lan ditiru dening muridipun. Pranyata, guru lulusan saking
IKIP-PGRI Semarang menika ugi mujudaken guru ingkang saged dados tuladha,
mboten namung kangge muridipun nanging ugi kangge guru-guru sanesipun. Nalika
taun 2004, panjenenganipun pikantuk juara
setunggal guru berprestasi ing
tingkat Kabupaten Kebumen, lajeng makili Kabupaten Kebumen wonten ing lomba guru berprestasi tingkat Propinsi Jawa Tengah. Panjenenganipun ugi pikantuk
juara tiga nalika lomba cipta dan menyanyi lagu anak ing
tingkat Kabupaten Kebumen.
Tiyang
estri menika ugi saged dipunsebat ibu
super sibuk amargi piyambakipun minangka ibu rumah tangga ingkang nyambutdamel dados guru, ugi nyambutdamel ing organisasi. Wiwit taun 1989 dumugi wulan
Januari ing taun 2012 menika dados sekretaris
IGTKI Kecamatan Klirong , salajengipun kapatah dados ketua IGTKI Kecamatan
Klirong ngantos dumugi benjang taun 2017. Panjenenganipun ugi ndherek iguh
wonten ing organisasi masarakat,
kadosta ing PKK minangka pengurus
keuangan UP2K, dene ing program PNPM
minangka wakil tokoh perempuan.
Sanajan
kathah padamelanipun, ibu ingkang peputra tiga menika boten kesupen kaliyan
kulawarganipun lan tanggeljawabipun minangka ibu rumahtangga. Panjenenganipun ugi tetep nggatosaken putra-putranipun
wonten ing bab pendidikan lan ugi bakatipun
ingkang putra, mila para putranipun dipundherekaken les, kadosta les nglukis
lan nari. Panjenenganipun tetep nyelani wekdal kangge ngancani putra-putranipun
anggenipun sinau. Anggenipun nggulawenthah putranipun kanthi telaten lan sabar,
tanpa kekerasan lan paring kebebasan dhateng putra-putranipun
kangge nglampahi pepenginan lan menapa ingkang dados cita-citanipun, sauger
ingkang dipuntindakaken menika leres lan migunani. Nalika cariyos menika panjenenganipun lajeng enget kaliyan
tiyangsepuhipun, bapakipun ingkang sampun tilar donya.
“Rumiyin
dados guru menika sajatosipun pepenginanipun bapak, amargi bapak lan ibu kula
menika ugi nyambutdamel dados guru”, mekaten cariyosipun ibu Esti. “Bapak
menika kagungan sipat keras dhateng
para putranipun. Menapa kemawon ingkang dipunkarepaken dening bapak menika,
lare-lare nggih kedah manut. Nalika kula lulus SMP lan badhe nerasaken wonten
ing SMA, bapak boten marengaken lan nedahaken kula mlebet SPG (Sekolah Pendidikan Guru). Sampun kula
turuti ndaftar, nanging boten
ketampi, lajeng bapak kula duka. Lha, pungkasanipun kula mlebet wonten KPG (Kursus Pendidikan Guru)”, ibu Esti
nglajengaken anggenipun cariyos.
Wonten
ing KPG wekdal menika namung wonten jurusan Taman Kanak-Kanak, dados
panjenenganipun pikantuk sangunipun kangge dados guru TK. Lajeng nerasaken S1
nalika taun 2000 wonten ing IKIP-PGRI Semarang mendhet jurusan PPB (Psikologi Pendidikan dan Bimbingan) lan
lulus ing taun 2004. Dalan anggenipun dados guru kados menika wiwitanipun,
inggih awit dipunpeksa kaliyan tiyang sepuh, nanging nalika sampun nglampahi
pedamelan menika inggih sampun kraos sekeca amargi sampun kulina, mucal
lare-lare alit wiwit taun 1984 dumugi samenika sampun 28 taun dangunipun.
Ngendikanipun
ibu guru berprestasi menika, “Dados
guru TK menika nyenengaken sanget. Dados guru TK menika saged kangge panglipur,
awit wonten ing sekolah menika guru kedah ngetingalaken sikep ingkang positif. Dados, senajan wonten perkawis
ing nggriya, boten nate guru TK menika mbeto perkawisipun wonten ing sekolah.
Menawi sampun kepanggih lare-lare ing sekolahan menika raosipun seneng.” Nggih
menika ingkang dipunwastani tresna menika jalaran saka kulina.
dening: Estri Wiji Asih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar