Halaman

Minggu, 30 Desember 2012

Ki Hadi Sukatno



KI HADI SUKATNO, ingkang kaprah kasebat Pak Katno, lair ing Delanggu, Surakarta, 26 Mei 1915. Taun 1924-1928 Pak Katno sekolah ong Tweede Inlandsche School (Sekolah Jawa) ing Delanggu. Taun 1928-1929 kursus basa Walandi, kalajengaken sekolah wonten ing Taman Antara Tamansiswa Mataram (Schakel School) taun 1929-1931. Taun 1932 nglajengaken sekolah wonten Taman Antara Tamansiswa Surabaya.
Taun 1932-1935  nglajengaken sekolah ing Taman Dewasa Tamansiswa Surakarta, kalajengaken sekolah ing Taman Guru B III Tamansiswa Mataram, Yogyakarta (1935-1938). Wiwit taun 1938 makarya dados pamong (guru) Tamansiswa Ibu Pawiyatan Yogyakarta, ngrangkep dados Ketua Bimbingan Kesenian Majelis LuhurTaman Siswa Yogyakarta lan guru SMKI (KONRI) Yogyakarta, mucal praktek vokal (tembang).
Wonten ing babagan seni, Pak Katno mucal lan marsudi dolanan lan lagu kagem lare-lare, ugi beksan gagrag Ngayogyakarta wiwit Taman Indriya dumugi Taman Muda (SD). Kejawi punika ugi ngripta lagu dolanan enggal mawi laras Jawi kadosta: Jaranan, Prau Layar, Sar-sur, Nora Gampang, Gajah-gajah, Kancil, Ibu Kartini, Anti, Enthik, Pitik ngendhog, Sayuk Rukun, Gobag sodor, Undhi, Kerja Bakti, lan sapanunggalanipun.
Babagan Langen Carita, Pak Katno ngripta Naskah-naskah lampahan antawisipun: Ajisaka, Arya Penangsang, Jaka Tingkir, Babad Alas, Bocah Lola, Kancil Nyolong Timun, Sang Garuda, Dhadhung Awuk, Jatiningsih, Raden Ajeng Kartini, Bango Thongthong, Balada Tamansiswa, lan sanes-sanesipun.
Pak Katno seda rikala tanggal 12 Nopember 1983.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar