Halaman

Senin, 31 Desember 2012

Sarmono


Sarmono
Sarmono, ingkang asring kasebat Mono, lair ing Banyumas, 27 Juni 1998. Taun 2004-2010 Mono sekolah ing SD N 2 Klinting, ananging Mono boten saged nglajengaken sekolah amargi boten wonten beya. Mono lair saking salah satunggaling kaluwarga ingkang serba kekurangan, Mono lare kaping 3 saking 3 sadherekipun. 

Pesona Gunung Ungaran


Puncak Ungaran
Gunung Ungaran inggih menika salah satunggaling gunung wonten ing tlatah Jawa, gunung menika etakipun wonten ing kecamatan Ungaran kabupaten Semarang, inggilipun 2.050 meter.
Base camp Mawar
Gunung menika inggilipun boten kados gunung sanesipun, namung betahaken wekdal 4 jam kangge mingga dumugi puncak boten kados gunung sanesipun ingkang betahaken wekdal 8 jam utawa langkung. Kathah tiyang ingkang minggah gunung ungaran amargi gunung menika anggadhahi pemandangan ingkang sae. Menawi musim liburan kathah tiyang ingkang minggah gunung ungaran. Wonten ing puncak ungaran saged mirsani

Dongeng Kelinci lan Kura-Kura


Wonten sakelompok kewan ingkang gesang wonten ing satunggaling alas caket desa. Wonten mrika wonten kelinci ingkang sombong lan remen ngremehaken kewan ingkang boten gadhah daya kaya dene kelinci, kewan menika kadosta semut, uler, cacing, kupu-kupu, lan sanesipun. Kewan menika boten wonten ingkang remen kaliyan kelinci ingkang sombong menika.
Wonten ing satungaling dinten, kelinci saweg mlampah ing alas. Wonten mergi kelinci kepethuk kaliyan kura-kura. Lajeng kelinci matur “hey, kura-kura alon!”.

Asal-usulipun Begalan


Tembung begalan asalipun saking tembung “begal” ingkang ateges ngrampok. Ing Kabupaten Banyumas Begalan inggih menika salah satunggaling seni ingkang dipunwontenaken ing pawiwahan ingkang anggadhahi tujuan kangge nyukani piwulangan dhateng temanten.
Kathah cariyos ingkang nyebataken asal-usulipun seni begalan. Salah satunggaling cariyos ingkang nyebataken asal-usulipun seni Begalan inggih menika cariyos miterat “Babad Banyumas” anggitanipun RMS Brotodirejo, buyut Adipati Aria Martadireja (Bupati Banyumas kaping-17) lan R Ngatidjo Darmosuwondo.

Cerkak: Nyasar Ing Gunung Slamet


Gunung Slamet kuwi gunung sing paling dhuwur nang Jawa Tengah. Akeh wong kang seneng munggah gunung Slamet amargi gunung slamet kuwi duweni pemandangan sing apik. Ewa semanten gunung Slamet uga duwene cariyos kang mistis. Akeh cariyos-cariyos lelembut sing manggoni alas ing gunung Slamet.
            Aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep munggah gunung Slamet. Kanca-kancaku kuwi sing rep munggah gunung jenenge Imam, Yordan, Toni, Sukris, Nikri, Oyon.

Minggu, 30 Desember 2012

Lelabetan ingkang Mujudaken "Tresna Jalaran saka Kulina"



Pahlawan tanpa tanda jasa, istilah menika ugi kasandhang dening tiyang estri ingkang nama Estiningtyas Utami, minangka guru ing Taman Kanak-Kanak Condrorini, Klegenwonosari. Ibu Esti, menika miyos ing Kebumen, 16 Juli taun 1962. Sanajan samenika sampun yuswa 50 taun, nanging panjenenganipun taksih kagungan greget kangge mucal lan mbimbing putra putri bangsa supados saged dados tiyang ingkang migunani tumrap agami, bangsa, lan nagari.

Panjenenganipun leladi kangge negari wiwit taun 1984 dados guru wiyata bakti lajeng kaangkat dados PNS nalika taun 1989, mucalipun ing Taman Kanak-Kanak Panti Siwi Utami Klegenrejo dumugi taun 1996, lajeng ngalih wonten ing Taman Kanak-Kanak Condrorini Klegenwonosari taun 1996 dumugi samenika.

KH Mufid Mas'ud (Pendiri PonPes Pandanaran)

KH. Mufid  lair ing Solo, Jawa Tengah, taun 1928, igi terp kaliyan dinten Ahad Legi 25 Ramadhan. Panjenenganipun putra kaping kalih saking 7 bersaudara. Putra saking Alm. Kiai Ali Mas’ud ingkang sakmenika sampun dipunsareaken wonten ing kompleks makam Golo Paseban Bayat, Klaten.
KH. Mufid nggadhahi latar pendidikan dasar ing Manbaul ‘Ulum namung 5 taun, inggih menika awit taun 1937 dumugi 1942. Lajeng wonten ing taun 1942 ugi, panjenenganipun nyantri wonten ing Pesantren Krapyak, Yogyakarta. 3 tahun saklajengipun,  inggih menika taun 1945, panjenenganipun nglajengaken hafalan Al-Qur’an kaliyan KH.Muntaha ing Wonosobo. Anjuran saking gurunipun saking Klaten, KH Sofyan bilih panjenenganipun saged palakrama kaliyan putri KH. Munawir (pengasuh Pesantren Krapyak), Hj. Jauharoh.

Ditekak Raseksa



Nalika esuk aku kepengen gawe wedang lan kepengen ngopi. Nanging dumadakan awak krasa entheng banget, lan penyawang katon peteng. Isine omah kaber sepi, sebab wektu kuwi during ana sing tangi. Adhiku sebut wae jenenge Nana wis tangi lan ngancani resik-resik, masak kanggo keluwargaku.
Panyawangku kang tansaya ora cetha, nambahi atiku buneg, rasane sumpeg lan seseg ing dhadha. Aku babar pisan ora ngerti piye sateruse panyawangku peteng, sing tak alami aku krasa mlaku dhewe liwat dalan kang sepi banget.

DIARY WADI



Biasane yen es eyup sekitar jam 2 awan, Wadi pit-pitan nyangking sak karo cengkrong, nyawang sawah pinggir dalan golek-golek suket sing mayar disusuki. Matane Wadi mecotot ndeleng wit guedhi banget nang kulon protelon kulon desa. Wadi mbatin jane iki ki wit opo to? Wit ceplukan yo ra mungkin gedhene semene, nek wi talok kok awohe ra iso dipangan? Ndelalah Wadi nemu suket sing ketele nyumringahke sapine sing lagi kaliren nang kandhang. Wadi njur gage mudhun seko pit, ngerit suket sing nang ngisor wit gedhe kui mau kero cengar cengir mbayangke umpama sapine iso ngomong mesthi muni “Matur sembah nuwun lho boss… sukete serasa pizza”.

Ki Hadi Sukatno



KI HADI SUKATNO, ingkang kaprah kasebat Pak Katno, lair ing Delanggu, Surakarta, 26 Mei 1915. Taun 1924-1928 Pak Katno sekolah ong Tweede Inlandsche School (Sekolah Jawa) ing Delanggu. Taun 1928-1929 kursus basa Walandi, kalajengaken sekolah wonten ing Taman Antara Tamansiswa Mataram (Schakel School) taun 1929-1931. Taun 1932 nglajengaken sekolah wonten Taman Antara Tamansiswa Surabaya.